Ditya
Kala Bendana sigra budhal tumuju Wiratha. Raden Gathutkaca kaget atine
nyumurupi Ditya Kala Bendana ora bisa di ajak nyimpen wewadi. Ya pancen kaya
kuwi watake Ditya Kala Bendana. Tumrape Ditya Kala Bendana, laku goroh iku
mesthi kanggo nyimpen wewadi lan ngrugekake liyan. Tan kinocap lakune Kala
Bendana tumuju Wiratha. Nalika semana Raden Abimanyu lagya karonsih mbangun
tresna karo garwane sing angka loro yaiku Dewi Utari. Dewi Utari asring nyebut
Raden Abimanyu nganggo sesebutan kangmas, dhimas utawa kulup. Dene Raden
Abimanyu asring nyebut Dewi Utari nganggo sesebutan kakang mbok, dhiajeng utawa
malah kanjeng eyang.
Dewi
Utari sigra denpangku aneng pangkone Raden Abimanyu. Raden Abimanyu ngaras
palarapane Dewi Utari kanggo nyuntak rasa tresnane. Kocapa nalika Dewi Utari
lagya kerem olah tresnakedadak praptane Ditya Kala Bendana ing taman kaputren.
Tekane buta kang gumrojog tanpa larapan iku ora wurung agawe kagyat Risang
Putri. Nalika nyumurupi tekane denawa kang nggegilani kuwi, sigra njerit
ajelih-jelih Dewi Utari. Dheweke enggal takon marang Raden Abimanyu sapa
satemene denawa kuwi. Bareng dikandhani yen dheweke iku adhine Dewi Arimbi kang
ora liya iya pamane Raden Gathutkaca, Dewi Utari lagi ilang rasa wedine.
Dheweke enggal mangayubagya tekane Ditya Kala Bendana. Tekane ing papan kono
sajak ngemu wigati, mula Dewi Utari enggal takon mungguh sedyane.
Lagi
tekan semono anggone matur, Ditya Kala Bendana enggal dilarak Raden Abimanyu
metu saka taman. Ora nyumurupi sing dikarepake dening Raden Abimanyu, Ditya
Kala Bendana manut wae diglandhang metu. Tekan njaba, jebule Ditya Kala Bendana
diundamana lan dipilara. Bubar njempalani Ditya Kala Bendana, Raden Abimanyu
mlebu maneh aneng taman. Dewi Utari sajak cubriya, mula terus takon marang
garwane.
Sineksen
Gusti kang Maha Kuwasa sumpahe Raden Abimanyu. Bledheg nyamber kilat seliweran
nyekseni sumpahe Raden Abimanyu. Wus ginaris ing pesthi kabeh mung bisa sumarah
sumendhe ing takdir, mbesuk ing Perang Agung Bharata Yuda Jaya Binangun Raden
Abimanyu bakal diranjab gegaman sewu dening wadyabala Kurawa nganti tatune
arang kranjang lan gugur dadi kusumane bangsa. Sarambut pinara sasra Dewi Utari
ora duwe rasa cubriya lamun Raden Abimanyu iku wus kagungan garwa. Dewi Utari
nyata Kenya kang pinter leladi ing garwa tan mokal lamun bisa weweh rasa gandem
lan marem marang Raden Abimanyu. Raden Abimanyu sing wus nate kagungan garwa
uga pinter ngemong garwane.
Nalika
Raden Abimanyu wus manjing ing panti pagulingan lan andon tresna, lakune Ditya
Kala Bendana wus adoh ninggalake negara Wiratha. Lakune kedadak ketemu Raden
Gathutkaca. Nyumurupi pamane sing ora gelem diajak goroh, Raden Gathutkaca
rumangsa mangkel. Mung kari ngenteni wektu, Dewi Utari bakal nyumurupi yen
Raden Abimanyu wis duwe garwa ya Dewi Siti Sendari. Ora wurung Raden Gathutkaca
nyalahake Ditya Kala Bendana.
Ditya
Kala Bendana sigra nyedhak mring papane Raden Gathutkaca. Tanpa taha-taha,
Raden Gathutkaca sigra njempalani mustakane Ditya Kala Bendana. Sidane Ditya
Kala Bendana mung bisa pasrah mring kahanan. Ngerti yen Ditya Kala Bendana ora
suwala dijempalani, saya ndadi kanepsone Raden Gathutkaca. Ditya Kala Bendana
dipithing lan diuntir gulune sakala kantaka. Sakala iku uga Ditya Kala Bendana
prapteng lampus nemahi pralaya. Padha sanalika Raden Gathutkaca eling lamun
kabeh tumindake iku wis kebat kliwat. Nalika nyawang kunarpane Ditya Kala
Bendana kang gumlethak ing pangarepane, sakala nangis Raden Gathutkaca sarwi
ngrungkebi ponang kunarpa.
1 komentar:
kala bendana sapane raden gathutkaca?
Posting Komentar