Geger Suralaya



            Ing negara Himapura ana raja sing mimpin yaiku Srinata. Raja iku julukane Prabu Ndaruwardaya. Nalika semana,  Prabu Ndaruwardaya kepengin nggarwa salah sijine widadari kaswargan, yaiku Bhatari Supraba.  Saka penginaneiku Banjur, Dheweke mrintahPatih Udan Agung supaya gawa prajurit-prajurit sing bakal diutus nemoni  Hyang Pramesthi Guru kanggo dadekke Bhatari Supraba permaisurine. Nanging, yen dewa ora gelem nuruti prajurit-prajurit iku diutus gawe suralaya. Prabu Ndaruwardaya uga ngutus Si Emban supayabubarne pasewakan nalika dheweke balik dadi raja ing Keraton.
            Patih Udan Agung mara menyang pasewakan njaba. Ana ing pasewakan njaba, Ki Lurah Togog Tejamantri  ngundang prajurit-prajurite. Banjur, Dheweke munggah menyang panggung  kanggo nggoyangke Gentha Kekeleng. Saka ujare mau, prajurit cilik ngomong karo kanca-kancane supaya melu nglakoni sing padha dilakoni karo wong agung. Ki Togog Tejamantri mudhun saka panggung, banjur ngadhep menyang patih Udan Agung ditututi karo prajurit-prajurite.  Patih Udan Agung nyampeke pesene Prabu Ndaruwardaya. Banjur wis nyampeke, Patih Udan Agung lan rombongane ninggalke Kutharaja. Rombongan-rombongan iku ngliwati tegal uga alas. Banjur, munggah gunung Jamurdipa.
            Nalika tekan Jagad Sunya-ruri sing panggone ana ing Lokantara sekitare Tengguru uga isih ana ing Jamurdipa puncake Mahameru, Rombongan menika nemoni Kahyangane Para Jawata. Kahyangane iku diarani Argodumilah, Tejamaya, Suralaya uga Jonggringsaloka. Saka karepe yasa, kena sunare Candra Kartika. Sahingga, kanggo mbedake awan lan wengi kangelen. nanging amarga rasa luhur,  para cinedha padha bubar sampurna.

Dewi Bratajaya



Dewi Bratajaya iku putrane Prabu Basudewa lan Dewi Badrahini. Sedulur karo Raden Kakrasana lan Raden Narayana, nanging bedha ibu. Laire Bratajaya bareng karo laire Raden Permadi. Wiwit cilik wis dipancangake karo Raden Permadi. Nate dipangku Prabu Basudewa ing pupu kiwa, Permadi ing pupu tengen, nuli ditibani sabda : Bratajaya aja nganti ngladeni priya liya saliyane Permadi. Permadi aja duwe bojo liya saliyane Bratajaya. Sabdane Prabu Basudewa disekseni jagad saisine.
Nalika cilik, pakulitane Dewi Bratajaya ireng-ireng manis, rambute brintik, mula uga sinebut Rara Ireng utawa Dewi Wrenges. Bareng ngancik remaja, Dewi Bratajaya wiwit katon ayune. Luwih-luwih Bratajaya iku panjanmane Bathari Sri Widawati.
Wektu kuwi negara Mandura lagi ketaman riribet. Kangsadewa ngancam kudu dadi ratu ing Mandura. Dheweke ngaku menawa putra pembarepe Mandura. Mangka sejatine Kangsa iku turunane ratu Guwagra, Sang Prabu Gorawangsa kang nyidra resmi Dewi Maerah, garwane Prabu Basudewa. Kanggo meper kamurkane Kangsa, nalika semana dilenggahake ing Kadipaten Sengkapura, jejuluk Prabu Anom Kangsadewa. Ewasemono Kangsa isih tetep ngucik kamukten negara Mandura. Mula Demang Antyagopa kapasrahan nylametake waris negara Mandura sing sah. Didhawuhi ngungsekake menyang Widarakandhang, sawijining padukuhan wilayah negara Mandura. Nadyan wis didhelikake, ewadene meksa isih konangan dening Kangsa. Nalika Kakrasana, Narayana, lan Udawa pinuju ora ning ngomah, Widarakandhang katekan buta-buta balane Kangsa nedya mboyong Bratajaya, bakal kapundhut garwa dening Kangsa. Demang Antyagopa dhawuh marang Nyai Sagopi supaya nylametake Dewi Bratajaya. Dene Demang Antyagopa ngadhepi buta-buta balane Kangsa.
Playune Nyai Sagopi lan Dewi Bratajaya ketemu Raden Permadi ing satengahing alas. Priksa wujude Dewi Bratajaya, Permadi katuwuhan rasa tresna. Buta-buta Sangkapura balane Kangsa kang dipandhegani dening Kala Pralemba, disirnakake kabeh dening Raden Permadi. Sawise iku kaya ngapa cuwaning penggalih Raden Permadi, awit wanita sing ditulungi wis ora ana. Lunga tanpa ngaturake panuwun. Banjur Semar mituturi, yen wis gelem menehi tetulungan iku kudu sing ikhlas temenan. Aja duwe melik utawa pamrih. Lan ora perlu ngarep-arep ucapan atur panuwun.

Novel

Category: 0 komentar

Wayang Kulit



Pagelaran wayang kulit dimainaké dhalang kondhang ing Indonesia, Ki Manteb Sudharsono. Lakoné Gathotkaca Winisuda.
Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.
Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.
Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam waé.
Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané yaiku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.
Wayang kulit umumé digawé saka bahan kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah nganggo piranti arupa wesi lancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip, pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané sing nduwèni fungsi béda-béda.
Wosé piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang kasebut.
Karakteristik paraga wayang
Wangun irung:
  • Irung Walimiring: Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhaké alusing watak lan kabangsawanan, tuladha: Arjuna, Samba, Kresna.
  • Irung Pelokan: Kaya wangun separo who pelem, nuduhaké pepadhan karo watak raseksa kasar lan kuwat. Tuladha: Buta Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyané.
  • Irung Pagotan: kanthi cangkem gusèn, nuduhaké watak galak lan kejem. Tuladha: Radèn Indrajit, Radèn Kangsa.
  • Irung Bentulan: Nuduhaké keprajuritan. Tuladha: Gatotkaca, Gandamana, Bratasena.
  • Irung Bruton: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Bagong.
  • Irung Sumpel: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Semar lan Limbuk.
  • Irung Térong: Nuduhaké sipat bisa narik kawigatèn, kaya pelawak. Tuladha: Garèng.
  • Irung Cempaluk: Nuduhaké sipat konyol kaya badhut. Tuladha:Pétruk.
  • Irung Pèsèkan: Nuduhaké lucu. Tuladha: Togog, Mbilung, Wanara.
Lambé lan garis cangkem
  • Cangkem Domis: Wangun cangkem satriya, nuduhaké kaélokan lan watak sènsitif
  • Cangkem Gusèn: Nggambaraké watak sok sarwa weruh, tanggung. Conto:Patih Sengkuni lan Kartamarma
  • Cangem Ngablak: Kabuka lan katon gusiné. Nggambaraké watak raseksa. Conto: Boma, Durmagati
Tlapukan
  • Mata Gabahan: Awangun wulir beras. Matané para ksatriya.
  • Mata Kedhelèn: Awangun wiji kacang, mata tokoh kaya Baladéwa, Setyaki.
  • Mata kedhondhongan: Awangun wiji kedhondhong, mata Patih Sengkuni lan Kartamarma.
  • Mata Pelengan: Nggambaraké karakter kejem, Indrajid lan Kangsa.
  • Mata Penanggal 1: Awangun wulan tanggal sepisan, nggambaraké watak sing ora bisa dipercaya. Tuladha: Cakil lan Pendhita Durna.
  • Mata Kolikan: Nggambaraké watak lucu kaya Semar.
  • Mata Plolo: Nggambaraké watak bodho lan gampang dibodhoni. Tuladha: Bagong lan Togog.
Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit merlokaké piranti ya iku antara liya:
Cempala
:
thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon.
:
layar putih kang dibèbèr kanggo mainaké wayang.
Bléncong
:
Senthir kanggo gawé wewayangan, ing jaman saiki ana kalané senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.
Kepyak
:
digawé seka kuningan kanggo iringané dhalang.
Kothak
:
wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala
Gedebog/debog
:
kanggo tancepan wayang.
:
kanggo ngiringi pagelaran.
Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang saka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing njero kothak.
Simpingan Kiwa
Ing antarané kang ditata ana ing sisih kiwa yaiku:
Simpingan Tengen
Kang ditata ing sisih tengen diwiwiti saka wayang Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang dipungkasi nganggo wayang bayen.
Wayang Dhudahan
Wayang dhudahan yaiku wayang kang ora melu disimping nanging mung disimpen ana sajroning kothak. Biasane wayang dhudahan kuwi klebu wayang kang kerap dilakokake dening Ki Dhalang. Contone wayang dhudahan :
1. Dhudahan Kurawa
2. Dhudahan Pandhita lan Dewa
3.Dhudahan Raseksa (buta) Prepat
4. Dhudahan Panakawan
5. Dhudahan Keparak
6. Dhudahan Prajurit
  • Patih Udawa
  • Druwajaya
  • Pragota
  • Prabawa
  • Patih Tuhayata
  • Patih Saragupita
  • Patih Adimanggala
  • Patih Sabrangan
  • Ampyak/Prampogan
  • Wisata lan Wilmuka
  • Demang Sarapadha/Cekruktuna
  • Wadyabala Buta Pringgodani (Kalabendana, lsp)
  • Wadyabala Buta Ngalengka (Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil Kathaksini lsp)
  • Wadyabala Buta Kajiman/Bajulbarat
  • Wayang Setanan
  • Prajurit Kethek Tambak
7. Dhudahan Wanara
  • Anila
  • Anggada
  • Jembawan
  • Trigangga/Triyangga
  • Kapi Anggeni
  • Kapi Indrajanu
  • Kapi Suwida
  • Kapi Pramujabahu
  • Kapi Kingkin
  • Kapi Warjita/Cacingkanil
  • Kapi Janulen
  • Kapi Menda
  • Kapi Cucak Rawun
  • Kapi Saraba
8. Dhudahan Sato Kewan
  • Gajah(Liman/Dwipangga/Diradha/Matengga.)
  • Banteng (Andhaka)
  • Macam (Simo/Sardhula)
  • Ula (Sarpa/Taksaka)
  • Celeng (wraha)
  • Garudha
  • Kidhang
  • Landhak
  • Jaran (Kudha)
9. Dhudahan Pusaka
  • Kreta Kencana
  • Maneka warna gegaman (Gadha, keris, jemparing, lsp)


http://jv.wikipedia.org/wiki/Wayang_kulit
Category: 0 komentar

[+/-]

Geger Suralaya

[+/-]

Dewi Bratajaya

[+/-]

Novel

[+/-]

Wayang Kulit