Sayembara Menthang Langkap

Wus sawatara candra, para rajaputra Ayodya anggone dumunung aneng asramaning pandhita, wiwit sinaraya dening Sang Wikuraja, murih ngayomi yuwanane para ulah tapa. Sang Ragawa wus kalakon mrajaya raseksi Thathaka, linepasan Brahmastra katemahan tiwas kanthi gulu tigas pancing. Sang Brahmarei Wiswamitra miwah kang para tapa banget asihe marang para rajaputra Ayodya, wantu-wantu ginunturan sabda tama.
Prastawa sabdane Sang Wikudibya, Sang Rama Ragawa konjem denira midhangetake weca. Prayitna Raden Rama-Laksmana, sigra miyos ing jaba kanthi miranti sanjata debya. Bramantya Raden Sang Laksmana Widagda, tandya menthang langkap gemerit swarane, mijilake maewu-ewu sara ardhacandra. Among kari sawiji gegedhug ing reksasa, niyup saka gegana nyaketi Sang Rama Ragawa kanthi krura muwus sora. Bramantya yaksa Kala Marica, nanggapi panantange Sang Rama Ragawa.
Tindake Raden Ramabadra miwah ari Sudarsana Laksmana wus ngancik kikis ing praja Manthilidireja, katon gumebyaring kutha kang kebegan saliring uparengga. Nalika samana narendra agung Manthilidireja Maha Prabu Janaka wus kawuryan miyos ing pancaniti, anganthi atmaja putri mustikaning manis Rekyan Wara Sinta, sarta anyanding Langkap Pinaka kang minangka patembayaning sayembara. Sayektine wus watara lama biwaraning sayembara menthang langkap pusaka, wus akeh para raja putra miwah raja mudha kang padha mupu sayembara, nanging sawiji durung ana kang kuwawa mungkasi karya kelar menthang Langkap Pinaka. Kasaru gendering pagelaran, pating jenggirat sakehing tamu narendra, nalika mulat praptane para raja putra Ayodya. Kacaryan jroning driya Sang Prabu Janaka, mulat critane kang nembe prapta.
Sigra mangsah wauta Satriya Rama Ragawa. Langkap Pinaka kang gedhene kagila-gila abote tanpa upama, parandene jinunjung among entheng aneng astane Sang Ragutama. Saya harda pamenthange Sang Ramacandra, temahan putung ponang Langkap Pinaka jumedher swarane, prabawane kongsi manengker antariksa. Sri Maha Prabu Janaka jengkar saka palenggahan, nyaketi rising jayeng sayembara sarwi paring pangayubagya. Sansaya wuwuh suka panggalihe Sang Nata, nalika sang sudibya kadangu, matur kalamun pangeran Ayodya, putra Prabu Dasarata. Daya-daya Prabu Janaka ngutus bopati pinitaya, kinen amboyongi rawuhe narendra agung Ayodya Prabu Dasarata.
Kumejot panggalihe Sri Dasarata, nalika miring aturing caraka kag mratelakake warta, kalamun ingkang putra Sang Ramabadra sembada mupu sayembara kanthi mutung Langkap Pinaka pusaka Manthilidireja, sarta nedya kapundhut mantu dening Prabu Janaka narendra hanjayeng bawana. Sawuse tata-tata sarta tempat saliring upacara, Prabu Dasarata sigra budhal marang Manthilidireja, angirit wadya mawa titihan maneka warna. Prabu Janaka daya-daya methuk rawuhe narendra tamu aneng kikising praja. Rikating kandha Raden Ramacandra putra Ayodya wus den panggihake dhaup kalawan Dewi Sinta sekar kedhaton Manthilidireja, sineksen para tamu saka sewu nagara miwah ingestrenan para widadara-widadari kang tumurun saka Suraloka, sarwi nyebar kang sarwa arum manadukara, asesanti jaya-jaya marang ponang pinanganten sarimbit.
Wus sawatara dina dumununge Prabu Dasarata aneng praja Manthilidireja. Ing sawijining enjang hamarengi sumirating surya ing imbang purwa, Sri Dasarata minta pamit marang Prabu Janaka, sumedya kundur ngundhuh panganten marang Ayodya. Sawuse rinilan, sigra gegancangan budhal nilar praja Manthilidireja, amboyong ingkang putra Sang Ramabadra mwah Rekyan Wara Sinta. Wus kapungkur adoh praja Manthili, kundure Prabu Dasarata kang mboyong ingkang putra lan mantu kang ginarebag para wadya bala, tumeka kikising wana wewengkon antarane Manthili lan Ayodya. Katon ana sawijining wiku pangawak Rudra, dedeg gung aluhur birawa, godheg wok bris crapang kang gumbala.
Prabu Dasarata nora pandung ing pandulu, kalamun kang nyegat marga iku nora liya Wiku Parasurama, ya Maharsi Ramabargawa, sawijining wiku kang dhemen nyebar pepati, mrajaya marang para darajat satriya. Rama Bargawa ngendheg lakuning kreta, kanthi mandeng mencereng kaya mripating sardhula mulat andaka. Muwus sora nantang marang Sang Ramabadra. Giris Rekyan Wara Sinta, geter panggalihe Prabu Dasarata, labet banget pangemane marang ingkang putra. Sigra mandhap saka kreta, ngraup padane Sang Wiku kanthi muwus ngrerepa nyuwun supaya nora ganggu gawe marang Sang Ramabadra. Nanging Sang Ragawa kang dadi paraning panantang suthik nampa pangina. Sigra tumurun saka kreta mrepegi Sang Wiku. Tanpa taha-taha Sang Ramabadra nanggapi Langkap Wisnawa, pinenthang tikel padha sanalika, gumerot swaraning prabawa. Wiku Parasurama mulat tikeling Langkap Wisnawa, padha sakala pucet aclum kang wadana.
Miring wuwuse Sang Ragawa, Wiku Ramabargawa nora sumaur, among meneng mangu-mangu sajak ngungun marang kadibyane Sang Ragutama. Sigra Sang Ragawa nyendhal kendhenging langkap, putung padha sanalika, jumedher swarane manengker akasa, gograg kang pratala. Mulat putunging Langkap Wisnawa, Wiku Ramabargawa muwus aris kaduk angrerepa. Sigra mentar nilar papan wau Resi Ramabargawa, manjing wanawasa nggentur mangun tapa nggayuh kamukswan. Wekasaning carita, ing pamburine, Sang Wiku sumengka ing Guruloka langgeng dadya wiku kadewatan wewisik Maharsi Ramaparasu. Saoncate Wiku Ramabargawa, Prabu Dasarata lega wuwuh gumbira ing galih, para wadya samya suka-suka, dene kalis saka bebaya. Ginelak lakuning rata kancana, ing sedya daya-daya tumeka ing praja Ayodya.

0 komentar:

Posting Komentar

Sayembara Menthang Langkap

| |

.