Wahyu Dwi Hasta

Dwi candra tumekan alam dwi panunggal, tri candra ing alam trilokamaya kang uga winastan alam Gondar-gandir, alam keliwat gawat ingkang minta wewekaning rena. Tulus lestari gya ngambah alam Catur Hangga Hanggajati, wulagang ing guwa garba, dinayan ing srining bumi, banyu, geni, miwah angin. Tinampi samadinira, kapyarsa lamat swara dumeling sasmita wasitaning Sang Kwaseng Gesang.
Begawan Dwihasta mak plas ilang saka pandulu. Satemah legeg tyasira nata Dwarawati, padha sakala nyanggrok Aji Naragopa. Datan saranta Sang Dwihasta wus ana epek-epeke sang Tiwikrama. Dwihasta diculke satemah ilang saka pandulu. Datan kewran sang Yaksendra marang unggyaning Begawan Dwihasta, padha sakala gya musthi Senjata Cakra. Cakra katendhang lumarab mring angganing Begawan Dwihasta. Datan saranta, petrek-petrek Sang Resi Kanekaputra tumiyup saka dirgantara.
Prabu Kresna gya nglacak playune ponang Wahyu Dwihasta. Sang binagus kang lagi mangun teteki menika akekasih Raden Pamadi, ya Raden Jahnawi, Wibatsu, Mahabahu, Karitin, Dananjaya ya Sang Janaka. Mila nalika samana Sang Parta hanggung sobeng wana nuhung denirarsa ngendheg gentenging karsa, sarana ningali eden-edening wana. Sang binagus kadherekaken repat punakawasan catur nenggih Kyai Lurah Semar, Nala Gareng, Petruk, sumawana Bagong.
Sanalika sang Dananjaya gya patrap semedi. Sajuga kang sinidikara kinarya nut laksitaning brata, antuk sawantah parmaning Hyang Hodipati. Datan saranta tumiba manjing ana angganing sang Harjuna. Datan antara suwe katungka praptane Nata Dwarawati. Sang Prabu Gajah Srapah kaadhep dening Patih Gajah Nungkurda miwah para nayaka praja. Prabu Gajah Srapah sawijining titah asirah gajah nanging apengawak raseksa. Prabu Gajah Srapah sigra paring dhawuh.
Sinigeg, ora kaya kang ana njeroning Praja Singgela. Nalika Prabu Baladewa lan ingkang rayi satriya ing Jodhipati lagi nata baris, kedugen barisaning raseksa saking Negara Giri belah ingkang dipunpandegani sang yaksendra Gajah Srapah, wasana dadi perang campuh. Tandange Ratu Mandura lan Werkudara pindha banteng kanin. Sang Yaksendra dupi mulat rusaking para wadya bala gya jumangkah ing payudan. Narendra Mandura gya musthi Nenggala. Gya katamakake anggane Gajah Srapah nanging ora digawe rasa. Nggeblas tanpa pamit Raden Janaka dupi midhanget pangandikanipun ingkang raka Dwarawati.
Raden Arjuna kecandhak tumuli dibanting api-api pejah. Gumuyu latah-latah Sang Yaksendra. Prayitna Sang arjuna, gya musthi pusaka pingitan kang jumedhul saking weninging cipta yaiku jemparing Kyai Pasopati. Kata makaten telaking Sang Gajah Srapah padha saknalika sirna merga layu. Surak mawurahan pra wadya Singgela, dupi mulat sang Gajah Srapah wus tumekeng pralaya. Wadya bala saking Giribelah kang arsa ngebyuki bathang sayuta kabalang angin garudha sidhung riwut dening Dyan Bratasena kabuncang tambuh-tambuh tibane. Ing wasana Negara Singgelapura bali tentrem kaya wingi uni.umber :

0 komentar:

Posting Komentar

Wahyu Dwi Hasta

| |

.