Dewi Bratajaya

Dewi Bratajaya iku putrane Prabu Basudewa lan Dewi Badrahini. Sedulur karo Raden Kakrasana lan Raden Narayana, nanging bedha ibu. Laire Bratajaya bareng karo laire Raden Permadi. Wiwit cilik wis dipancangake karo Raden Permadi. Nate dipangku Prabu Basudewa ing pupu kiwa, Permadi ing pupu tengen, nuli ditibani sabda : Bratajaya aja nganti ngladeni priya liya saliyane Permadi. Permadi aja duwe bojo liya saliyane Bratajaya. Sabdane Prabu Basudewa disekseni jagad saisine.
Nalika cilik, pakulitane Dewi Bratajaya ireng-ireng manis, rambute brintik, mula uga sinebut Rara Ireng utawa Dewi Wrenges. Bareng ngancik remaja, Dewi Bratajaya wiwit katon ayune. Luwih-luwih Bratajaya iku panjanmane Bathari Sri Widawati.
Wektu kuwi negara Mandura lagi ketaman riribet. Kangsadewa ngancam kudu dadi ratu ing Mandura. Dheweke ngaku menawa putra pembarepe Mandura. Mangka sejatine Kangsa iku turunane ratu Guwagra, Sang Prabu Gorawangsa kang nyidra resmi Dewi Maerah, garwane Prabu Basudewa. Kanggo meper kamurkane Kangsa, nalika semana dilenggahake ing Kadipaten Sengkapura, jejuluk Prabu Anom Kangsadewa. Ewasemono Kangsa isih tetep ngucik kamukten negara Mandura. Mula Demang Antyagopa kapasrahan nylametake waris negara Mandura sing sah. Didhawuhi ngungsekake menyang Widarakandhang, sawijining padukuhan wilayah negara Mandura. Nadyan wis didhelikake, ewadene meksa isih konangan dening Kangsa. Nalika Kakrasana, Narayana, lan Udawa pinuju ora ning ngomah, Widarakandhang katekan buta-buta balane Kangsa nedya mboyong Bratajaya, bakal kapundhut garwa dening Kangsa. Demang Antyagopa dhawuh marang Nyai Sagopi supaya nylametake Dewi Bratajaya. Dene Demang Antyagopa ngadhepi buta-buta balane Kangsa.
Playune Nyai Sagopi lan Dewi Bratajaya ketemu Raden Permadi ing satengahing alas. Priksa wujude Dewi Bratajaya, Permadi katuwuhan rasa tresna. Buta-buta Sangkapura balane Kangsa kang dipandhegani dening Kala Pralemba, disirnakake kabeh dening Raden Permadi. Sawise iku kaya ngapa cuwaning penggalih Raden Permadi, awit wanita sing ditulungi wis ora ana. Lunga tanpa ngaturake panuwun. Banjur Semar mituturi, yen wis gelem menehi tetulungan iku kudu sing ikhlas temenan. Aja duwe melik utawa pamrih. Lan ora perlu ngarep-arep ucapan atur panuwun.

0 komentar:

Posting Komentar

Dewi Bratajaya

| |

.