Sinta Kadhusta

Rama pamitan menyang Sinta kanggo goleki kidang kencana kang mlebu ana ing tengah alas. Tekan ing tengah alas kidang kencana nembe katon. Rama langsung manah kidang kencana mau nganggo gendhewane. Sanalika kidang kencana mau mati, lan malih maneh dadi Marica. Marica banjur ngemba-emba swarane Rama, sesambat karo Lesmana.
Sinta lan Lesmana kang lagi nunggu tekane Rama krungu swarane Rama kang sambat jaluk tulung. Sinta ngongkon Lesmana kanggo nyusul kakangne ana tengah alas. Rama nembe ngerti menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke ketemu karo Lesmana, banjur bali bebarengan.  Kagete Rama lan Lesmana menawa Sinta wis kasil dicolong Rahwana.
Manuk Jatayu kang ngalang-ngalangi Prabu Dasamuka sing gawa Sinta, malah tekaning pati kaprejaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Lesmana tumrap kahanane Sinta.
Nalika lunga menyang Ngalengka, Rama lan Lesmana ketemu karo Anoman. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama. Nalika, ing tengahing alas, padha krungu swara tangis. Sawise dicedhaki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe, Rama banjur nulungi kethek iku. Kethek iku ngaku menawa dheweke Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Banjur Rama nulungi Sugriwa kanggo ngalahake Subali. Kanthi biyantu saka Rama, Sugriwa wusanane bisa dadi raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budhi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbiyantu Rama ngrebut Sinta saka Rahwana. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta lan menehake ali-aline Rama. Nalika arep bali, Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggonan Sinta didhelikake.
Wusanane, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Ngalengka. Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan Sinta bali menyang Ayodya. Nanging Sinta ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora prawan maneh. Banjur Rama ngongkon Sinta nglakokake sesucen kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap Sinta.

0 komentar:

Posting Komentar

Sinta Kadhusta

| |

.