Wanita ayu endah ing warna tur kasinungan awet enom
kekasihrisang Dewi Sinta Basundari. Nandyan Sang Dewi iku kagarwa dening Ratu
ing nagara Gilingaya Prabu Palindriya jejuluke. Sawijining dina kamaru dening
wanita loro cacahe sesilih Dewi Soma lan Dewi Landhep. Dewi Sinta Basundari ora
rumangsa seneng atine kamaru lawan Dewi Landhep, awit putrid kang sawiji iki
isih sedulure dhewe tunggal bapa lan ibu. Mula sang Dewi banjur mutusake bakal
ninggalake nagara Gilingwesi, uga ninggalake Sang Prabu Palindriya.
Jabang bayi kasebut banjur kasinungan tetenger Raden
Radite, nanging banjur kondhanging akeh aran Jaka Wudhug. Nadyan isih bayi
glewa-glewo, nanging Jaka Wudhug wis katon bagus. Pirang-pirang taun lawase,
Jaka Wudhug katon gelis diwasa. Ora duwe rasa sabar yenta ibune lagi ngliwet
mangka telat anggone mangan, agawe jengkele ibune dadi lan dukane Dewi Sinta.
Dewi Sinta banjur nuthuk nganggo enthong ing sirahe Jaka Wudhug. Sanalika Jaka
Wudhug mutung, banjur lunga ninggalake ibune. Jaka Wudhug banjur ngulandara
manjing alas gung liwang-liwung ngunggahi gunung-gunung sing isih kramat. Alas
lan gunung angker mujudake papan pangulandarane Jaka Wudhug.
Jaka Wudhug uga seneng tapa brata nganti mataun-taun
lawase. Mula ora mokal yenta Jaka Wudhug banjur kasinungan kasekten linuwih
katitik jin, setan, siluman apa maneh kewan galak padha wedi marang dheweke.
Kanthi kasektene, manungsa kang kapethuk lawan dheweke banjur padha nungkul,
saengga Jaka Wudhug banjur hangratoni salumahing bumi, alas lan gunung kang
gawat lan kramat. Mula ora mokal yenta Jaka Wudhug banjur dadi ratu ana ing
nagara Gilingwesi ajejuluk Sang Prabu Watugunung. Bebrayane Prabu Watugunung
lawan Dewi Sinta kang ayu tur awet enom, banjur nurunake putra nganti cacah 27.
Wis dadi pekaremane Prabu Watugunung tansah kepengin tinuju sakarsane keturutan
karepe dening para garwane. Dewi Sinta kanthi angarasi mustakane Sang Prabu
Watugunung agawe priya gung binathara kasebut banjur pules kapati nendra.
Ing sawijining wektu saiba kagete Dewi Sinta
Basundari nalika lagi satengahing petan, ing mustakane Prabu Watugunung tinemu
pethak tilas tatu. Sang Dewi banjur nyuwun katrangan marang Sang Prabu
Watugunung apa ta sajatine kang njalari tilas tatu kang mapan ana mustakane.
Kanthi rasa setengah ngantuk Prabu Watugunung banjur ndongeng nalika
panjenengane isih cilik lan nakal. Saiba kagete Dewi Sinta barang miring
critane Sang Prabu Watugunung. Dheweke lagi sadhar yen sajatine Sang Prabu
Watugunung iku malah isih putrane dhewe kang lunga. Rumangsa dosa
matumpuk-tumpuk kang angemuli marang anggane Sang Dewi Sinta Basundari. Mula
tuwuh rasa gethinge marang Prabu Watugunung.
Dewi Sinta banjur nemokake sawijining cara kanggo
males seriking ati marang atmajane dhewe ya garwane yaiku kanthi ngojok-ojoki
Prabu Watugunung supaya ngayunake Bathara Sri garwane Bathara Wisnu. Manawa
bisa kalakon, Sang Prabu Watugunung bakal saya kuncara lan wimbuh wibawa amarga
Dewi Sri iku kinarya lambing ayu-ayuning wanita ya ing kahyangan mudhune ing
ngarcapada. Kanthi guyune ingkang lakak-lakak yenta panjenengane bakal bisa
anggarwa widadari kang ayu dhewe ing Kahyangan Untara Sagara, mulane Sang Prabu
Watugunung banjur dhawuh marang para putrane kang cacah 27 kinen siyaga ing
ngayuda saperlu bakal kakanthi munggah ing kahyangan angayunake Dewi Sri
garwane Sang Hyang Wisnu. Yenta sedyane Prabu Watugunung ora katurutan
kahyangan bakal ginawe karang abang.
Bathara Wisnu angukuhi lamunta garwane bakal ginarwa
dening Watugunung. Suwe-suwe Bathara Wisnu enggal-enggal mungkasi kridhane
mungsuhe kanthi nglepasake sanjata cakra pamunahing satru sekti. Sakala
janggane Watugunung pagas dening ampuhe sanjata cakra. Nadyanta garwa lan
putrane Prabu Watugunung uga tinimbalan ing dewa kaungguhake ing Nirwana. Siji
mbaka siji padha tetunggalan lawan Prabu Watugunung kawiwitan ing dina Minggu
Paing. Kanthi gancaring carita kasebut, mula ing tanah Jawa lan Bali banjur
padha migunakake petungan pawukon, kang dumadi saka asmane Prabu Watugunung,
Dewi Sinta Basundari, dewi Landhep lan putrane kang cacah 27, yaiku Wukir,
Kurantil, Tolu, Gumbreg, Waringalit, Wariagung, Julungwangi, Sungsang,
Galungan, Kuningan, Langkir, Mandhasiya, Julungpujut, Pahang, Kuruwelut,
Marakeh, Tambir, Madhangkungan, Maktal, Wuye, Manahil, Prangbakat, Bala, Wugu,
Wayang, Kulawu lan Dukut.
0 komentar:
Posting Komentar