Kusumalelana

Kresna ketemu  karo Samba, Setyaki, lan Udawa. Kresna banjur crita menawa dheweke nampa wangsit saka dewa kanggo nyirnakake nata ing Bulupitu yaiku Prabu Sasramarjapa sawadya balane. Kresna ngongkon Samba, Udawa lan Setyaki supaya nyerang kanthi dadakan lan sesidheman wae supaya ora gawe ributing nata Dwarawati. Samba, Setyaki, lan Udawa nyaguhi kanggo mbiyantu Kresna lan ngongkon wadya balane kanggo tata-tata.      
Nalika Kresna nglakokake tapa banjur jiwane oncat saka ragane lan nganglang bawana. Ana ing taman ing praja Bulupitu Kusumadewi lagi sedhih lan crita marang embane menawa dheweke ora gelem dinikahake karo Sasramarjapa amarga Sasramarjapa duweni watak angkara murka, seneng jajah negara liya lan ngabotake banda donya wae. Kusumawati ngomong sapa sing bisa ngoncatake dheweke saka taman Bulupitu, yen wadon bakal didadekake sedulur, yen lanang iya kuwi sing tak dadekake bojo. Bareng ngomong ngono, banjur teka kumarane Kresna. Kresna banjur njanjeni dheweke bakal ngocatake Kusumawati saka taman Bulupitu. Embane banjur ngomong marang Sasramarjapa menawa ing taman kelebon wong kang ngaku utusaning dewa didhawuhi nganglang jagad lan meh jupuk Kusumawati. Sasramarjapa langsung menyang taman karo Begawan Wreksanata lan Patih Sardulasasra. Nanging, Sasramarjapa karo Saldurasasra ora bisa nyekel Kresna, banjur Wreksanata sing ngadhepi lan ngerti menawa dudu utusaning dewa nanging Kresna saka praja Dwarawati. Kresna ditubruki terus dening Wreksanata nanging ora tau kena saking anyele Wreksanata banjur digetak pisan, Kresna langsung mesat saka taman kuwi. Kusumawati banjur njaluk karo Wreksanata supaya bisa melu karo Kresna, banjur Kusuwati disebul dening Wreksnata tekan ana ing alas. Sasramarjapa nakoni Wreksanata kenangapa Kusumawati disebul, Wreksanata ngomong menawa Kusumawti wis bobot anake Kresna lan Wreksanata bakal goleke gentine Kusumawati yaiku adhine Kresna, Wara Sembrada kang ana ing Madukara.
Ing Madukara Wreksanata kang memba dadi Kresna banjur ngomong marang Wara Sembrada menawa garwane, Janaka lagi lara ing Dwarawati lan sing bisa marasake yaiku Wara Sembrada. Wara Sembrada banjur dijak menyang Dwarawati kanthi cara mlebu menyang kancing gelung. nanging, nalika Wreksanata kang memba dadi Kresna arep lunga, Srikandi ngomong menawa dheweke arep melu menyang Dwarawati, nanging Kresna ora ngentukake amarga kang dibutuhake Janaka iku mung Wara Sembrada. Srikandi ngrasa curiga menawa Kresna mau dudu Kresna sing asli banjur Srikandi jaluk Wara Sembrada dibalekake, nanging Kresna ora gelem banjur dheweke balik maneh dadi Begawan Wreksanata lan langsung mlayu lunga amarga rumangsa wiring menawa dikalahake Srikandi lan ora kondang menawa bisa ngalahake Sirkandi. Srikandi banjur nututi tekan tengah alas, nanging dheweke ora bisa nyekel Wreksanata. Srikandi ngrasa bingung lan wedi banget.
Nalika ana ing tengah alas Srikandi ketemu karo Janaka, Semar, Gareng lan Petruk kang lagi nglakokake brata. Srikandi crita menyang Janaka menawa Wara Sembrada digawa karo wong tuwek kang memba-memba dadi Kresna. Janaka banjur ngongkon Semar lan Gareng ngancani Srikandi bali lan Janaka arep nerusake laku kanggo nggoleki wong tuwek kuwi karo Petruk. Wektu ing tengah alas Janaka weruh Wreksanata banjur Janaka lan Petruk tanding karo Wreksanata nanging Janaka lan Petruk bisa disingkirake dening Wreksanata kanthi cara disebul.
Nalika ana ing tengah alas Dewikusumawati wis ora kuwat maneh kanggo nerusake mlakune amarga wetenge krasa lara arep nglairke bayi. Ora suwe banjur teka Batara Narada kang diutus Sang Hyang Guru kangge aweh pitulungan marang Kusumawati kang meh nglairake, banjur Kusumawati nglairke anak lanang. Karo Batara Narada anak mau dikei tetenger ana ing bathuke kanthi jeneng Kusumalelana lan jeneng Bapak lan Ibune ana ing epek-epek kiwa. Banjur Kusumawati dikongkon ninggalake anake kuwi sabab wis ana sing bakal ngopeni anake, Kusumawati dikongkong nerusake lakune menyang Dwarawati.
            Nalika Purnamajati lagi tapa ana ing tengah alas, dheweke nemu bayi kang ana jeneng Kusumalelana ing bathuke banjur Purnamajati gawa bali bayi kuwi menyang omah saperlu arep diopeni. Sabanjure diadusi bayi Kusumalelana mau brubah dadi jejaka, banjur nakoni sapa dheweke. Purnamajati nerangake menawa Kusumalelana kuwi anak pupone Purnama jati lan wong tuwa sejatine kuwi Kresna karo Kusumawati. Kusumalelana kesengsem karo mbakyu angkate yakuwi Purnamawati lan jaluk menyang Purnamajati dinikahke karo Purnamawati. Purnamajati ngentuke Kusumalelana nikah karo Purnamawati. Banjur Kusumalelana pamit karo Purnamajati arep lunga menyang Dwarawati kanggo goleki bapakne, sadurunge mangkat Kusumalelana dikei wasiyat kang arane cupu Reknadumilah kang bisa ngetokake apa wae. Banjur Kusumalelana mangkat, lan garwane dikongkong mlebu menyang cupu kuwi.
Ing satengahe alas Kusumalelana ketemu karo Kusumawati. Kusumawati kaget nalika ngerti yen Kusumalelana kuwi anake, banjur Kusumalelana ngaturi ibune mlebu menyang cupu Reknadumilah supaya cepet tekan anggone menyang Dwarawati.
Ing Dwarati Kresna katekanan Yudistira, Wrekudara, Gatotkaca, Srikandi, Semar lan Gareng kang crita menawa Wara Sembrada dijupuk Begawan Wreksanata saka praja Bulupitu kang memba-memba dadi Kresna lan Janaka karo Petruk lagi ngoyak Wreksanta nanging durung bali-bali. Durung suwe anggone crita banjur Kusumalelana tekan ana ing Dwarawati lan ngaku menawa dheweke kuwi putrane Kresna. Kresna durung percaya dheweke banjur ngongkon nunjukake bukti menawa Kusumalelana kuwi putrane. Kusmulelana banjur ngetokake ibune lan garwane saka cupu Reknadumilah. Nanging Kresna ngomong durung cukup iki wae buktine, menawa Kusumalelana kuwi nyata anake temenan, sepisan Kusumalelana kudu bisa mbalikake adhine, Wara Sembrada kang dijupuk karo Wreksanata, angka loro Kresna kelangan Janaka lan Petruk, angak telune Kusumalelana kudu bisa ngilangake klilip ing nata Bulupitu yaiku Prabu Sasramarjapa menawa Kusumalelana bisa nglakokake kuwi kabeh, Kresna nembe ngakoni menawa Kusumalelana iku anake.
Kusumalelana nyaguhi syarat saka Kresna. Banjur Kusumalelana jupuk cupu Reknadumilahe lan ngomong njaluk baline Wara Sembrada menyang Dwarawati, sanalika Wara Sembrada wis ana ing Dwarawati, mengkono uga Janaka lan Petruk wis ana ing Dwarawati.
Nalika Wreksanata wis tekan ing Bulupitu, banjur arep ngetokake Wara Sembrada saka kancing gelunge nanging Wara Sembrada wis ora ana, ilang. Wreksanata ngomong menyang Sasramarjapa menawa Wara Sembrada ilang. Sasramarjapa banjur ngongkon Patih Sardulasasra nyiapake wadya balane kanggo nyerang Dwarawati dina iku. Tekan Dwarawati, Sasramarjapa sawadya balane bisa dikalahake dening Kresna, Yudistira, Wrekudara, Janaka, Gatutkaca lan Kusumalelana.

0 komentar:

Posting Komentar

Kusumalelana

| |

.