Cupu Manik Asthagina

        Dipuncariyosaken, Dewi Anjani nembe dolanan Cupu Manik Asthagina paringanipun ingkang ibu, Windardi. Dene sok sintena ingkang gadhah Cupu menika saged mirsani endahipun sedaya alam donya. Nalika nembe dolanan cupu menika, adhinipun Anjani- Guwarsa lan Guwarsa- weruh cupu menika, lan kepingin ngoyok cupu ingkang dipuncepeng Anjani menika. Nanging Anjani boten purun maringaken cupu menika. Amargi saking ibu sampun paring weling, cupu menika boten kenging dipunampilaken marang sintena, kalebet adhinipun, Guwarsa lan Guwarsi.
            Nalika nembe oyak-oyakan cupu menika, Anjani bengok-bengok. Ngantos ingkang Bapa, Begawan Gotama, mireng suwantenipun Anjani menika. Begawan Gotama, nangleti putrinipun, kenging napa kok bengok-bengok. Dewi Anjani mangsuli, bilih piyambakipun dipunoyak-oyak ingkang adhi. Lajeng Begawan Gotama tanglet marang Guwarsa lan Guwarsi kenging menapa kok ngoyak-oyak ingkang mbakyu. Guwarsa la Guwarsi mangsuli, menapa sebabipun ngoyak-oyak ingkang mbakyu. Inggih menika amargi kenging menapa ingkang mbakyu mawon ingkang dipunparingi dolanan ingkang katon endah menika.
            Sang Bapa boten emut menawi nate paring barang marang Anjani. Kanthi sang Bapa, barang menika dipunsuwun. Nalika mangertosi bilih barang menika Cupu Manik Asthagina, Resi Gotama duka. Amargi namung bangsa dewa ingkang gadhah cupu menika. Anjani mangsuli bilih ingkang Ibu ingkang sampun maringi cupu menika. Sasampunipun mangertosi bilih cupu menika saking Windardi, garwanipun, Begawan Gotama duka lan Windardi dipunsedakke dados tugu amargi mendel mawon kados tugu.
            Lajeng cupu menika dipunbuwang Begawan Gotama ngantos telaga Mandirda. Cupu menika dados rebutan antiwisipun Guwarsa, Guwarsi, lan Anjani. Guwarsa lan Guwarsi ingkang dugi mriku rumiyin lajeng mlebet wonten telaga menika. Lajeng Anjani ingkang sayah dugi mriku lajeng raup wonten tlaga menika. Lajeng sasampunipun menika Guwarsa lan Guwarsi dados kethek, Anjani ugu dados kethek sanajan namung rainipun. Menika anggambaraken sipatipun manungsa ingkang serakah utawi remen oyok-oyokan kados kethek.
            Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi nyuwun marang bapa supados dipunwangsulaken dados wujud aslinipun. Begawan Gotama paring dhawuh supados Anjani tapa wonten bengawan Yamuna. Guwarsa ingkang aran Subali lan Guwarsi ingkang aran Sugriwa dipundhawuhi supados tetapa wonten Wanasunya Pringga.
            Kacariyos Subali pikantuk nugraha nulungi Dewi Tara ingkang nembe dipuncengkerem dening ratunipun guwa kiskendha ingkang aran Maesasura lan Lembusura. Raden Subali ugi ngajak ingkang adhi Sugriwa, sasampunipun wonten ngajeng guwa kiskendha Subali mlebet lan Sugriwa nengga wonten jawi guwa. Siosipun Dewi Tara saged dipunslemetaken dening Subali. Ananging Subali anggadhahi pamanggih bilih Lembusura lan Maesasura kedah dipunpejahi. Sugriwa dipindhawuhi waspada wonten jawinipun guwa, mangke yen toya ingkang medal saking guwa kecampur getih pethak ateges Subali ingkang kalah lan Sugriwa supados nutup guwa kiskendha ngagem watu. Dene yen toya ingkang medal saking guwa menika kecampur getih abrit, ateges Subali ingkang menang.
            Subali lajeng manjing wonten madyaning guwa, Lembusura lan Maesasura saged dipunkalahke. Kanthi natapke sirah ratu buta kekalih wau. Amargi sirah kekalihipun dipuntatapke andadosaken polonipun pecah lan werninipun toya dados pethak, Sugriwa ingkang mirsani pranyata menika lajeng nutup guwa ngagem watu. Subali ingkang sejatosipun menang, lajeng duka marang Sugriwa ingkang sampun dados ratu lan nggarwa dewi Tara. Subali lajeng tandhing kaliyan Prabu Sugriwa. Rawuh begawan Gotama, ngendika bilih Sugriwa boten keliru. Subali namung saged getun.

0 komentar:

Posting Komentar

Cupu Manik Asthagina

| |

.