Guwa Kreo

Guwa Kreo iku salah sawijine obyek wisata alam sing ana Gunungpati, Semarang.  Kedadeyan obyek wisata iku ngemu sejarah sing ana gandheng cenenge karo pembangunan  Masjid Agung Demak. Rikala para Wali Sanga arep mbangun Masjid Agung Demak, para  wali padha golek kayu jati sing arep dienggo saka gurune masjid iku.  Wis ana telu saka ing Demak, yaiku saka guru sing diasta Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati lan Sunan Ampel. Kanggo mbangun masjid iku isih butuh siji maneh. Sunan Bonang, yaiku gurune Sunan  Kalijaga, nimbali Sunan Kalijaga lan maringi dhawuh supaya Sunan Kalijaga golek siji  maneh kurangane saka sing arep kanggo mbangun masjid sesuk esuk. Amarga diparingi  dhawuh iku, Sunan Kalijaga banjur golek kayu jati sing gedhe kanggo saka guru Masjid Agung Demak.
Wengi iku uga Sunan Kalijaga karo pendhereke sing pengin biyantu Sunan Kalijaga  anggone golek kayu jati. Sak durunge mangkat saka Demak rombongane Sunan kalijga  dicegat karo ki Ageng Suro Kuciwo sing duweni watak sok lan meri marang wong liya. Ing  kono para pendhereke Sunan Kalijaga diujuk-ujuki supaya bali bae, ora usah biyantu Sunan Kalijaga. Nanging, para pendhereke Sunan Kalijaga tetep ndherek Sunan Kalijaga  anggone golek kayu jati. Sunan Kalijaga lan rombongane tindak tumuju ing alas jati sak cedhake  Gombel, Semarang. Ing  dalan Sunan Kalijaga pirsa yen ing alas Gombel iku  ana wit kayu jati sing dhuwur lan gedhe, mula Sunan Kalijaga dhawuhi rombongane age-age menyang alas iku. Sawise tekan ing alas Gombel, Sunan Kalijaga dhawuh supaya wit jati iku ditegor banjur digowo bali. Nanging, ora dinyana wit kayu jati iku ilang, ora ana ing panggonane. Kabeh pada mlongo, kaget karo kasunyatan iku. Sunan Kalijaga dhawuhi para pendhereke supaya ngoyak wit jati iku. Sadurunge tindak, Sunan Kalijaga maringi tetenger ing papan kono, ngendikane,Yen ana rejane jaman papan iki dakjenengi  Jatingaleh, yaiku kedadeyan saka  wit jati sing bisa ngaleh.
Sunan Kalijaga mandheg sawetara wektu kanggo galeki wit jati sing ndelik ing alas iku, ana kono Sunan Kalijaga ngendika, “Yen ana rejane jaman papan kene iki dakjenengi desa Delik.” Kedadeyan saka wit jati sing delik ana kono. Banjur Sunan Kalijaga nutugake laku, ing tengah dalan ana rame-rame, jebul ana slametan wong gawe omah, Sunan Kalijaga maringi tetenger ing papan iku  “Suka Rame”. Sunan Kalijaga lan rombongane terus ngoyak wit jati sing ngaleh mau, ing dalan Sunan Kalijaga dhawuh marang pendhereke, “Bentorana  wit jati iku. Yen ana rejane jaman papan kene iki dakjenengi desa Bentor. Banjur Sunan Kalijaga nutugake tindake kanggo ngoyak wit jati iku. Playune wit jati mau ngulon-ngidul, banjur dioyak nganti kecekel. Bareng wis kecekel, Sunan Kalijaga dhawuh supaya kabeh pendhereke mau kalangan ngubengi wit jati sing gedhe iku amrih ora bisa mlayu meneh. Ing papan anggone kalangan ngubengi wit jati iku dijenengi “Jati Kalangan“.
Sawise wit jati iku kecekel,  para pendhereke Sunan Kalijaga age-age negor wit jati iku. Nanging, durung rampung anggone negor, wit jati gedhe iku wis ora bisa ditegor maneh, wit iku banjur obah sak oyote. Sunan Kalijaga age-age mundhut  kemben cinde puspita, yaiku piyandele Sunan Kalijaga, banjur wit jati iku dibalikake maneh mlebu ing lemah. Banjur ditegor, nanging isih ana sisane yaiku dangkel kayu jati sing amba. Dangkelan  kayu jati iku nyata aneh, ambane ora mung samana wae. Yen dilungguhi wong sithik yo pas, dilungguhi wong akeh ya sedheng, sak pira akehe ya bisa.
Sawise wit jati bisa ditegor, kayu jati iku dikelikake ana kali. Tekan ing gunung, Sunan Kalijaga leren sedhela ana ing guwa, semedi nyuwun panerangane Gusti anggone ngusung kayu jati sing gedhe. Para pendhereke uga leren sinambi nyembelih wedhus kanggo dhahar Sunan Kalijaga lan rombongane. Nalika padha dhahar ana papat ketek sing wernane  bedha-bedha nyedaki Sunan Kalijaga amrih kepengen mbiyantu Sunan Kalijaga anggone nggawa kayu jati iku. Bener wujude ketek, nanging bisa ngomong salumrahe manungsa.  Ketek-ketek iku nepungake marang Kanjeng Sunan Kalijaga. Ketek sing wernane abang sing sepisanana ngomong yen dheweke iku nglambangake geni utawa kekendelan. Ketek  sing wernane ireng ngomong yen dheweke nglambangake wernane lemah  utawa kasadaran. Sabanjure ketek  werna putih nglambangake kesucian lan sing keri yaiku ketek warna kuning nglambangake angin. Ketek-ketek iku matur  marang  Sunan Kalijaga  supaya pareng ndherek Kanjeng Sunan Kalijaga ing Demak. Nanging, Sunan Kalijaga ora marengake amarga ketek iku kewan dudu manungsa, dadi ora bisa srawung karo manungsa, Kanjeng Sunan Kalijaga dhawuhi  ketek-ketek mau supaya ngreho guwa lan kali sing ana ing gunung iku. Lagi sedela anggone leren, Kanjeng Sunan Kalijaga mireng ana suara klotekan saka dhesa sebelah gunung iku. Sunan Kalijaga kaget amarga wis ana  suara klotekan lan wong nutu pari, iku mertandani yen wis esuk. Amarga kaget, Sunan Kalijaga mbuwang suji sate sing didhahar ana ing cedhak kali. Suji sate iku nancep ing lemah lan muni “krincing“,  banjur tukul wit pring sing ambune kaya sate sing didhahar Kanjeng Sunan Kalijaga mau. Kedadeyan saka swara krincing, mula gunung ing cedake guwa iku diarani gunung Krincing.  Kanjeng Sunan Kalijaga age-age dhawuhi pendhereke nerusake laku ngusung kayu jati sing gedhe iku ing Demak  amarga esuk iki pembangunan diwiwiti.
Papat ketek sing werna-werna mau ora diparengake melu ngewangi rombongane Sunan Kalijaga, kanggo gentine Sunan Kalijaga maringi prentah supaya kayu jati iku dikethok dadi loro. Sing setugel diusung menyang Demak, sing setugel maneh ditinggal ing kali kono supaya di reho ketek-ketek sing werna-werna. Prentahe Sunan Kalijaga,Kowe dak prentah supaya ngreho guwa lan kali iki tekane anak putu besuk. Rehona papan iki aja dirusak nganti sak lawase.”  Papat ketek iku manut sing diprentahke Sunan Kalijaga, yaiku ngreho guwa lan kali nganti saiki. Tembung ngreho iku duweni teges yaiku jaganen utawa rawaten. Saka tembung reho, guwa lan kali iku diarani Guwa Kreo nganti saiki. Sunan Kalijaga pesen marang pendhereke yen ana rejane jaman supaya ing Guwa Kreo iki dipasang  umbul-umbul  abang, ireng, putih lan kuning  kang mertandakake, geni, lemah, banyu lan  angin.
Sadurunge Sunan Kalijaga lan rombongane nerusake ngusung kayu jati sing setugel menyang Demak, Sunan Kalijaga ngendika,Yen ana rejane jaman, dhesa wetan guwa reho iku wayah bengi  prawan-prawane wis ngunekake edeng-edeng lan nutu pari mula dakarani dhesa Sedeng. Mbesuk prawan-prawan ing dhesa iku ora bakal payu kawin yen durung mateng umure. Desa wetan Guwa Kreo iku saiki diarani dhesa Sadeng, lan miturut critane pinisepuh kana, jaman biyen akeh prawan sing wis gedhe, nanging durung payu kawin.
Ing tengah dalan Sunan Kalijaga mireng suara adzan Subuh, banjur dhawuhi rombongane ngaso sawetara ngayahi  sholat  Subuh.  Nanging, ing papan kono ora ana banyu kanggo wudhu, Kanjeng Sunan Kalijaga nancepake tongkate ana wit,banjur metu banyune mancur-mancur. Pendhereke kabeh padha wudhu sarana banyu iku, sholat jamaah karo Kanjeng Sunan Kalijaga. Sawise sholat, Kanjeng Sunan Kalijaga mrisani banyu mau isih terus mancur, banjur ngendikan, “Yen ana rejane jaman, papan iki dakjenengake Kali Pancur.” Banjur, Kanjeng Sunan Kalijaga sarombongane kondur ing Demak.
Ing Demak, para Wali Sanga padha kumpul ngenteni rawuhe Sunan Kalijaga sing golek kayu jati kanggo saka gurune masjid Demak iku. Ora suwe Sunan Kalijaga wis tekan ing Demak karo rombongane ngusung kayu jati sing gedhe. Sawise ngaturi salam marang para sesepuhe yaiku para Wali Sanga, Sunan Kalijaga miwiti bangun masjid. Wektu iku wayah esuk durung pati padhang, mula kerjane para tukang kayu iku pada ndemamakan mula papan kono diarani Demak, saka tembung ndemamakan.  Kayu  jati gedhe iku mau dipasang  bareng karo sakane para sunan liyane, nanging saka kayu jatine Sunan Kalijaga kurang  dhuwure, banjur disambung nganggo tatal kayu iku mau. Nganti saiki saka guru sambungan tatal isih kuwat nyangga bangunan Masjid Demak. Sambungan tatal iku sing ndadekake gumune para pelancong sing tindhak ing Masjid Agung Demak. Wujude mung sambungan tatal kok ya isa bakoh nyangga bangunan masjid iku.
Mengkono mau critane sejarah Guwa Kreo sing dicritaake Mbah Sumar, salah siji wong sing didhawuhi pamarentah kanggo nggulawentah ngrumat kelestariyane Guwa Kreo. Saben bada kupat, ing Guwa Kreo dianakake Sesajen Rewonda kanggo ngeling-eling  sejarahe Guwo Kreo.

0 komentar:

Posting Komentar

Guwa Kreo

| |

.