Pangantènan Adat Jawa

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten kakung neng kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu. Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing saben dhaérah béda miturut ekonomi saben kaluwarga.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané:

  • Lamaran

Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluwarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nentokake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

  • Siraman

Acara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn banjur sedulur liyané uga kalebu pemaes.

  • Pemaes

Upacara paesing calon pengantèn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantèn.

  • Midodaren

Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rerangken acara neng wengi midodaren iki séjé-séjé ing saben dhaérah, kadhang ana sing dibarengaké karo acara peningsetan lan srah-srahan.

  • Srah-srahan

Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn kakung mènèhaké uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan. Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.

  • Upacara Panggih

Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.

  • Upacara Balangan Suruh

Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané pengantèn kakung lan putri.

  • Upacara Wiji Dadi

Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane.

  • Pupuk

Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.

  • Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.

  • Timbang

Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri, minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.

  • Dhahar Klimah

Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

  • Mertui

Wong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.

  • Sungkeman

Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih.

  • Kendurèn / Resèpsi

Kendurèn utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantènan, uga kadang diarani resèpsi utawa walimahan. Sejatiné kagiyatan iki nduwé makna upacara slametan, slamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggarakaké. Ing acara iki, pasangan pengantèn nrima mangayubagya saka sedulur, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.

Category: 0 komentar

0 komentar:

Posting Komentar

Pangantènan Adat Jawa

| |

.