Gamelan

Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra.
  •    Fungsi
  1. Ricikan/instrumèn gamelan sajroning karawitan sacara fungsional musikal digolongaké dadi telung klompok, yaiku :
  • Klompok ricikan balungan, yaiku; ricikan-ricikan kang lagu dolanané kuwi cedhak banget karo rangka gendhing (balungan gendhing). Ricikan utawa instrumèn gamelan ing kelompok iki, yaiku;
1.      Saron
Saron iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Saron bentuké kaya lèmpèngan emas kang disusun ing kayu. Saben lèmpèngan nduwèni titilaras kang béda.
Ana 3 jinis saron yaiku:
·      Saron panerus (ing laras slendro: Peking)
·      Saron barung biasa disebut saron
·      Saron demung biasa disebut demung
Wujud wilah saron iki meh padha karo wilah gambang, bedane nek wilah saron digawe saka logam (umume sing apik perunggu), nek wilah gambang digawe saka kayu. Tabuh saron digawe saka kayu sing rada empuk, wujude kaya palu. Wilah saron ana 7, masing-masing dawane sekitar 20 cm.
2.      Demung
Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
Iki jinis saron paling gedhé ukuranè, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembè demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda.
Wilah saron demung iki paling gedhè ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa lan ambanè 9 Cm.
Saron demung ndhuwé swara paling rendah ing kelompok saron.
3.      Saron Barung
Saron barung iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
 Iki jinis saron tengah-tengah yaiku antara peking lan demung. Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog barung lan slendro barung. 2 jinis piranti panerus iki nduwe laras beda-beda.
 Wilah saron barung iki luwih gedhe dibanding saron panerus ning luwih cilik dibanding saron demung. Wilah sing luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7.
 Saron barung nduwe swara luwih dhuwur se oktaf dibanding saron demung.
4.      Saron Panerus
Saron panerus iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron panerus iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Ing laras slendro, saron panerus diarani Peking.
Iki jinis saron sing paling cilik saka bentuk balungan liyané yaiku saron lan demung. Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog panerus lan slendro panerus. 2 jinis piranti panerus iki nduwé laras béda-béda. Penabuhé luwih cilik tinimbang penabuh saron liyané, sing apik digawe saka sungu kebo.
Wilah saron panerus iki luwih cilik tinimbang saron barung lan demung nanging wilahé luwih kandel. Wilah sing luwih dhuwur swarané, ukurané luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7, sing paling cilik dawané watara 18 cm lan amba 4 cm.
Saron panerus nduwé swara luwih dhuwur sak oktaf dibandingaké karo saron barung.
Cara nabuh saron panerus kuwi béda karo carané nabuh saron lan demung, yaiku tikel loro saka tabuhan saron lan demung.
5.      Slenthem
Slenthem iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon sing fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré ana tabung utawa silinder kanggo ngetokaké gema swarané.
Miturut konstruksiné, slenthem iku kalebu kaluwarga gendér; utawa dijenengi gendér panembung. Nanging slenthem duweni bilah padha karo bilah saron; Slenthem oktafé paling ngisor yen ing klompok instrumen saron. Kaya demung lan saron barung, slenthem mainake lagu balungan karo wilah sing terbatas.
Wujud slenthem iki meh padha karo gendér. Ananging gedhe wilahé luwih gedhe tinimbang gendér. Arupa lèmpèngan kuningan utawa wesi kang nduwéni titilaras. Lémpéngan iki kabentuk kanthi resonansi pring kanggo mbanteraké swara.

6.       Rebab
Rebab iku piranti kang nyuwara saka ginèsèké senar lan senar. Rebab iku salah sawijine racikan gamelan kang cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab iku piranti musik saka Arab/Timur Tengah. Nanging, saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa. Saiki rebab wis asring digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa, nalika pentas wayang, kethoprak, lan ing langgam-langgam.

7.      Kendhang

Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.

Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.

Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané)

·       Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
·    Kendhang batangan utawa ciblon
·    Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur
Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.
Akèh jinis swara sing isa diasilaké saka piranti kendhang iki yaiku antarané:
·       Dlong : swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.
·       Dhah : swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan sing langsung diculaké.
·       Thung : swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing langsung diculaké.
·       Ket : swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.
·       Tong : swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.
·       Tak : swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki nduwé nadha paling dhuwur.
·       Deng : swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ono ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupaten Madiun.
Notasi swara kendhang sing umum dienggo yaiku:
·       Swara dlong diwakili simbol D
·       Swara dhah diwakili simbol b
·       Swara thung diwakili simbol p
·       Swara ket diwakili simbol k
·       Swara tong diwakili simbol o
·       Swara tak diwakili simbol t
·       Swara deng diwakili simbol B
8.      Gendèr
Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa ana ing gamelan pélog nduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing paling ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung sing luwih dhuwur.
Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.
Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané mandheg.
Ana ing pakeliran wayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing pagelaran wayang kulit ricikan gamelan gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang. Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.
Jenise gendèr kapérang dadi telu, yaiku :
1.        Gendèr penembung yaiku gendèr sing paling gedhé.
2.        Gendèr barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing ukurané sedhengan lan titi nadhané saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus.
3.        Gendèr penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi nadhané saoktaf luwih dhuwur ketimbang gendèr barung.
Rumusé nabuh gendèr utawa kunciné ana 12 jenis tabuhan, yaiku :
1.        Tabuhan gendèr gembyang mbukak
2.        Tabuhan gendèr gembyang nutup
3.        Tabuhan gendèr gembyang minggah
4.        Tabuhan gendèr gembyang mandha
5.        Tabuhan gendèr kempyung mbukak
6.        Tabuhan gendèr kempyung nutup
7.        Tabuhan gendèr kempyung minggah
8.        Tabuhan gendèr kempyung mandhap
9.        Tabuhan gendèr gantungan gembyang
10.    Tabuhan gendèr gantungan kempyung
11.    Tabuhan gendèr mipil
12.    Tabuhan gendèr imbal (kanggo lancaran, srepeg, palaran)
Saliyané iku ana rumus liya kang khusus digunakaké kanggo ngiringi suluk (pedhalangan) wayang, yaiku :
1.    Tabuhan gendèr pathetan
2.    Tabuhan gendèr ada-ada
3.    Tabuhan gendèr grambyangan
9.      Bonang
Bonang iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore.
Ana 2 jinis bonang yaiku:
·       Bonang barung
·       Bonang panerus
Wujud bonang iki meh padha kempyang ning tonjolan ing tengahe luwih dhuwur. Tabuh bonang digawe saka kayu sing rada empuk, wujude dawa, ing salah siji pucuke rada gedhe tinimbang pucuk liyane, lan ing pucuk kang gedhe iku diblebet tali. Ing grobogan utawa rancak, bonang iku ditata dadi rong baris masing-masing ana 7, dadi cacahe kabeh ana 14 ning kadang uga ana sing 12.
Kethuk, kempyang, kenong lan bonang iki sejatine termasuk jinis gong ning gong sing disokake kaya ing ayunan, ora digantung kaya gong ageng, gong suwukan lan kempul.

10.    Bonang Barung

Bonang Barung yaiku salah sawijiné bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog. Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangaké ing tali kang diarani Pluntur.

Bonang Barung ditabuh nganggo kayu kang cacahé 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur diblebet nganggo Kain lan pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akèh pola tabuhané, yaiku pola tabuhan Gembyang, Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, lan liya-liyané.

Bonang Barung kuwi gunané kanggo mbukani Gendhing. Sakliyané kuwi, Bonang Barung uga bisa kanggo nuntun alur Gendhing. Khusus ing pola Mipil, Bonang barung kuwi bisa kanggo nuntun Instrumen liyané. Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo Bonang penerus gawé pola lagu lan ing aksèn-aksèn penting bonang gawé Sekaran kang biasané ana ing akhir kalimat lagu.

Bonang kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu). Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa. Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.

11.        Bonang Panerus
Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku salah sawijining perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha karo Bonang barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur kang laras pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo kain lan Pluntur.
Bonang panerus iki cara nabuhé padha karo Bonang barung, yaiku nganggo cara Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, Gembyang, lan liya-liyane. Bonang iki nabuhé ngetutaké Bonang barung, lan nerusaké alur Gendhing kang digawé Bonang Barung. Lan uga nganggo sekaran kang témponé luwih cepet tinimbang Bonang Barung. Mung bédané yaiku Bonang Penerus ora bisa kanggo mbukani gendhing.

12.         Siter
Siter iku piranti gamelan sing dipetik kaya gitar. Cacah senare ana 11 pasang utawa kadang 12 pasang. Siter iki fungsine pada karo Celempung.

13.         Suling
Suling iku salah siji piranti musik sing disebul. Fungsiné kanggo nambah swara-swara ing melodi. Ing musik gamelan Jawa, suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pélog. Piranti musik suling iki uga lumrah dianggo ing gamelan Sundha.
Digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter.
Swara suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuénsi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.
14.        Gambang
Gambang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa, lan gamelan Bali uga ing instrumèn musik liya kayadéné kulintang, sing digawé saka wilah-wilah kayu sing umumé cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing sadhuwuring kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan sijiné, wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing dilebokaké ing bolongan sing cacahé loro saben wilah.
Wujud gambang iki amèh padha saron ning luwih gede lan wilahe digawe saka kayu sing atos banget. jaman mbiyen ana gambang gangsa, sing wilahe digawe saka tosan utawa logam ning saiki wis ora ana maneh. Ukuran wilah gambang antara 29 Cm nganti 58 Cm, sing ukurane luwih gede iku nduwe nada swara luwih rendah, kabeh cacahe ana 19 utawa 20 wilah.
Tabuh gambang luwih dawa tinimbang piranti tabuh gamelan liyane yaiku kira-kira 35 Cm.

·         Kelompok ricikan utawa instrumèn struktural, yaiku; ricikan-ricikan kang agawé raketing dolanan kanthi mbentuk struktur adhedhasar (nentukaké) wujud gendhing. Ricikan utawa instrumèn kang kalebu ing klompok kasebut, yaiku;
1.        Kethuk
Kethuk iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kempyang. Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang
2.        Kempyang
Kempyang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Kempyang iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk. Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.
3.        Kenong
Kenong iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kay a ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan sing cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.
Ing kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan luwih cilik dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga nduwe timbre sing rada unik.
4.        Kempul
Kempul iku salah sijine perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.
Bentuké kaya gong nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm.
Kempul ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
5.        Gong
Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong. Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan.
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.
Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané.
Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu.
Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara.
6.        Kecer
Kecèr iku salahsiji piranti gamelan Jawa sing digawe saka tosan. Akeh piranti musik sing nduwe kemiripan karo kecèr uga ing piranti musik modern. Ing musik modern piranti iki biasa diarani cymbals. Ing kesenian Tionghoa, piranti iki dadi piranti utama kanggo nggawe suasana rame lan meriah.
Carane ngeto'ake swara kecèr iki ana sing diadu uga ana sing ditabuh.
Kecèr iku kudu sepasang, siji ing ndhuwur, sijine maneh ing ngisor. sing ing ngisor biasane wis disoake permanen, dadi sing diayun iku sing ing ndhuwur.
Sepasang kecèr iku diso'ake ing grobogan utawa rancak sing wujude meh pada karo grobogan saron ning luwih cilik sithik.
Keto'e iki piranti gamelan sing paling brisik ning yen ora ana swara kecèr malah dadi kurang rame utamane ing babak-babak lakon wayang tinentu.
  • Sejarah
Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara. Utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang. Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab, [tepukan tutuk] saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.
Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat musik kang digawé saka logam. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran yaiku sléndra lan pélog. Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha slendro duwéni interval kang kacèké mung sithik. Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F# G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwéni pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi yaiku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlan ingkang dados gamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka, dewa ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa, kaliyan istana ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, tulang kewan. Nalika ing jaman modern sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri, ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi.
Gamelan biyasané kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukkan kayata wayang kulit lan kethoprak.Gamelan biyasané kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon jenengé waranggana. Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-gamelan kang nduwéni campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan yaiku ing Kraton Yogyakarta. Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng perangkat gamelan kang umuré wis tuwa yaiku ing panggonan bangsal liyané kang manggon rada memburi.
Nalika jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang apik banget kanthi ngraih bentuk nganti saiki lan kasebar ing manéka dhaérah, kayata:
  1. Bali.
  2. Sunda utawa Jawa Barat.
Bukti otentik kang sepisanan babagan kahanan gamelan ditemokaké ing Candi Borobudur, Magelang Jawa Tengah kang ngadeg awit abad kaping 8. Ing reliefé katon maneka piranti kayata:
  • suling bambu.
  • lonceng.
  • kendhang (ing maneka ukuran).
  • kecapi.
  • instrument kang ana dawai utawa senaré kang biasa digésék lan dipetik, kalebu sithik gambaran babagan èlemèn instrumen logam. Perkembangan sawisé kuwi, gamelan digunakaké kanggo ngiringi pagelaran wayang lan tarian. Kanthi akhiré ngadheg dhéwé minangka musik dhéwé lan dijangkepi karo swara para sindhen.
Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa pencatatan sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia. Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya mangkéné iki ing jaman Kerajaan Majapahit. Ing pambedané karo musik India, siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku kepriyé cara nyanyikaké. Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing mangsa Saka, dewa kang nguasai kabèh tanah Jawa, kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu). Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang para dewa. Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé kuwi kabentuk set gamelan.
  • Miturut Larasé
Sléndra (ing Sundha disebut salendro) iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyane sléndra, ana uga titilaras pélog. Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndra béda karo titilaras pélog. Ing slendra ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras sléndra duwé 5 nada ing saben gembyang utawa oktaf, yaiku 1 2 3 5 6 utawa C- D E+ G A siji lan sijiné nduwé béda interval swara sing cilik.
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan slendra wiwit ana ing tanah Jawa. Ana kang ngira yèn ‘’sléndra’’ ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané sléndra karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.
Notasi
Angka
Pangucap
Jeneng
1
ji (siji)
barang
2
ro (loro)
gulu
3
lu (telu)
dhadha
5
ma (lima)
lima
6
nem (enem)
nenem
Ing Bali, sléndra digunakaké kanggo kahanan sing sedhih, amarga asring dianggo bareng karo anglung kanggo acara ngobong mayit.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi ‘’nem, sanga,’’ lan ‘’manyura’’. Urutan iki umumé kanggo pagelaran wayang. 
Pathet Nem
Umumé ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dianggo ing swara kang cendhèk kanthi adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Sléndro pathet nem sareng pelog lima dianggo kanggo pagelaran wayang watara jam 21.00-24.00, wiwit jejer tekan perang prampogan utawa perang gagal.
      Pathet Sanga
Umume ditulis ‘’sléndro sanga’’. Ana kalané uga disebut ‘’barang miring’’. Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi. Ing pagelaran wayang purwa pathet sanga iki digunakaké watara jam 24.00-03.00 wiwid jejer pandhita utawa wetune Bambang tekan perang kembang.

     Pathet Manyura

Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro liyané, pathet manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog barang, pathet iki ing pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah esuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi watara jam 03.00-06.00 wiwit salebaré perang kembang tekan tancep kayon lan kanggo upacara-upacara khusus. Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu iku wis prak-esuk.

  • ·       Gamelan Laras Pélog
Gamelan laras pélog béda karo gamelan laras slendra. Laras pélog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Dadi titi laras ing laras pélog duwé 7 nada pepaka ya iku 1 2 3 4 5 6 7.
Pélog iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyane Pelog, ana uga Slendra. Pelog béda karo Slendra , ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada yaiku 1 2 3 4 5 6 7.
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah Jawa. Para empu Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki. Nanging sing jelas, laras Pelog kuwi kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa. Amarga, asliné laras Gamelan ing Jawa kuwi biyèn mung slendra.

Notasi

Angka
Pangucap
Jeneng
1
ji (siji)
panunggul
2
ro (loro)
gulu
3
lu (telu)
dhadha
4
pat (papat)
pélog
5
ma (lima)
lima
6
nem (enem)
nem
7
pi (pitu)
barang
Ing Bali, Pélog digunakake kanggo kahanan sing seneng, amarga asring dienggo kanggo acara nikahan lan kanggo iringan Tari.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi Nem, Lima, lan Barang. 
Pathet Nem

Umume ditulis "Pelog Nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2 karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih dening pathet liyané. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurungé tengah wengi.

     Pathet Lima

Umume ditulis "Pelog Lima". Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti tengah wengi.

     Pathet Barang

Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog liyané, pathet Barang luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo Sléndra Manyura, pathet iki dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi, lan kanggo upacara-upacara khusus.

  • ·       Gamelan Jawa
Gamelan Jawa yaiku musik kang cinipta saka paduan swara gong, kenong, lan alat musik Jawa liyané. Irama musik kang alus nggambaraké kaselarasan urip wong Jawa kang nggawé tenang jiwa nalika dirungokaké. Gamelan Jawa ngrembaka ing Yogyakarta. Gamelan Jawa beda karo Gamelan Bali lan Gamelan Sunda. Gamelan Jawa duwéni nada kang luwih alus lan slow, beda karo gamelan Bali kang rancak lan gamelan Sunda kang didominasi swara suling. Gamelan-gamelan iki béda amarga Jawa duweni pandangan urip dhéwé kang beda karo Sunda utawa Bali, déné pandangan urip iki digambaraké sajroné irama musik gamelan Jawa.
Pandangan urip Jawa kang digambaraké sajroné musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajroné omongan lan tumindak saéngga mujudaké toléransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenong, srin, kendang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama.
Gamelan biyasané dianggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tarian. Saliyané musik, gamelan Jawa uga ana swara sindhén kang nembangaké lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.
Saperangkat gamelan diisi karo akéh alat musik. Alat musik iki yaiku alat usik kaya drum kang dirani kendang, rebab lan celempung, gambang, gong lan suling pring. Komponèn utama kang nyusun alat-alat musik gamelan yaiku pring, logam, lan kayu.Saben alat musik duweni fungsi dhewe-dhewe ing pagelaran musik. Kayata gong kang nduwéni peran kanggo nutup irama musik kang dawa lan ménéhi kaseimbangan sawisé musik diiringi irama gendhing.
  •  Pathet
Ing laras sléndra ana telung pathet.
  • Sléndra pathet nem
  • Sléndra pathet sanga
  • Sléndra pathet manyura
Ing laras pélog uga ana telung pathet.
  • Pélog pathet lima
  • Pélog pathet nem
  • Pélog pathet barang
Pathet iku kayata panggonan kanggo gendhing utawa kang ngatur gendhing. Ing wayang kulit yèn ditanggap ing wayah bengi uga nggunakaké pathet ing tabuhan gamelan. Pathet iki mertandaké wayah.

  • Sléndra pathet nem saka jam 09.00-12.00 bengi
  • Sléndra pathet sanga saka 00.00-03.00 esuk
  • Sléndra pathet manyura saka 03.00-06.00 esuk

http://jv.wikipedia.org/wiki/Gamelan
Category: 5 komentar

5 komentar:

Sepuh Genshin mengatakan...

wah... thank you gan... siplah....
w lagi butuh nih artikel macam ni.

DRAGONQQ ASIA mengatakan...

NAGAQQ | AGEN BANDARQ | BANDARQ ONLINE | ADUQ ONLINE | DOMINOQQ TERBAIK

Yang Merupakan Agen Bandarq, Domino 99, Dan Bandar Poker Online Terpercaya di asia hadir untuk anda semua dengan permainan permainan menarik dan bonus menarik untuk anda semua

Bonus yang diberikan NagaQQ :
* Bonus rollingan 0.5%,setiap senin di bagikannya
* Bonus Refferal 10% + 10%,seumur hidup
* Bonus Jackpot, yang dapat anda dapatkan dengan mudah
* Minimal Depo 15.000
* Minimal WD 20.000

Memegang Gelar atau title sebagai AGEN BANDARQ & QQ ONLINE Terbaik di masanya

9 Games Yang di Hadirkan NagaQQ :
* Poker Online
* BandarQ
* Domino99
* Bandar Poker
* Bandar66
* Sakong
* Capsa Susun
* AduQ
* Perang Bacarrat (New Game)

Info Lebih lanjut Kunjungi :
Website : NAGAQQ
Facebook : Facebook
WHATSAPP : +855 977 509 035
Line : Cs_nagaQQ
TELEGRAM :+855967014811

BACA JUGA BLOGSPORT KAMI YANG LAIN:
agen bandarq terbaik
Winner NagaQQ
Daftar NagaQQ

Khasanah N. mengatakan...

Matur nuwun sangettt Kak

istri kai exo mengatakan...

terima kasih sudah mengulas tentang gamelan, sangat berguna semoga ilmunya terus bermaanfaat

Unknown mengatakan...

Kakk, bagian kelompok ricikan/instrumen itu katanya dibagi menjadi tiga kan?? Kok di bawah cuma dijelasin 2 kelompok ricikan yaa? Yang satu lagi mana?

Posting Komentar

Gamelan

| |

.