Ing
pasewakan agung negara Amarta dina kuwi katon regeng amarga sanggyaning para
wadya dikeparengake marak ing
ngabyantara Nata. Sang Prabu Puntadewa wis pinarak ing kursi gadhing, kahadhep
para rayi kadang pendhawa. Kang rinembag ora liya sedyane para pendhawa kang
arsa tindak menyang negara Wiratha saperlu ngrawuhi bab senopati perang Bharata
Yuda. Nanging durung wae suwe anggone padha ngrembag prayogane laku, kasaru
rawuhe Panembahan Durna kang miyak kang lagya anggantung seba.
Sri
Punta wangune jumbuh ing panemu, semono uga sena. Malah bareng diutus dening
kakange supaya mateni Petruk, mopo. Mula banjur ditundhung dening Sena. Harjuna
lolos tanpa pamit. Sapungkure Harjuna, Prabu Kresna rawuh, nuli ingacaran
dening kang rayi Prabu Puntadewa. Sri Kresna kaget dene ana dhadhak
anglelayoni. Nata Dwarawati nuli takon marang Panembahan Durna, sarana apa kang
bakal kanggo murungake perang gedhe kuwi. Resi Durna matur yen bakal
migunakakae Petruk minangka tumbal. Sri Kresna malah nggujeng latah-latah, nuli
nerangake yen ta Bharata Yuda kuwi tuk sumbere wong nagih utang, papane wong
utang nyaur, nyilih ngulihake. Nanging wangune para kadang pendhawa wis padha
kapilut marang Resi Durna, mula Sri Kresna ya trima nilar paseban wae.
Sapungkure Kresna, Resi Durna rumangsa bungah atine. Bratasena tinanggenah nyekel
Petruk lan dipateni pisan. Wondene Durna pamit bakal ngideri praja Amarta
suwene selapan dina.
Dhasare
Antasena, didhawuhi nyegat wong sing arep nyiksa manungsa sing tanpa dosa, ya
ora metung sanak kadang, nuli budhal. Bareng ketemu, kakange ditakoni ngaku yen
arep mateni Petruk. Nuli takon lupute Petruk apa, ora bisa nerangake. Perange
gagat udreg-udregan, nanging Antasena nuli nyemburake Upas Penganten marang
kakange, Gathutkaca ngemasi. Kuwandane Gathutkaca ditemu Bratasena, nuli
ditempiling nganggo Gelang Candrakirana, lha kok malah waluya jati.
Ganti
kacarita, kang mapan ing pinggir segara, para kurawa nggawe pakuwon kang
jembar. Mulane dumunung ana kono mau awit saka parentahe Resi Durna kang wis
ngrancang bisane numpes pendhawa. Patih Sengkuni, Narpati Basukarna lan sagung
kurawa beg amber ambebalar padha sumewa. Ketungka rawuhe Resi Durna kanthi
alampah jingkrak-jingkrak, awit ing batine wis mesthekake yen pratikele bakal
klakon.
Sakabehing
pirembugane Resi Durna lan para Kurawa tansah dirungokake Wasi Antasena kang
lagi nelik ana njero segara ora adok saka papan kono. Bareng Antasena njedhul
saka njero banyu, Sengkuni kaget kepati. Durna kang ora bisa mlayu, kecekel
dening Antasena, kanthi kebak kanepson, Durna diajar ana gisik nganti
lempe-lempe. Wekasane Antasena dikrubut pirang-pirang, nanging ora wedi, malah
kurawa akeh sing padha mlayu, amarga solahe Antasena sakepenake dhewe. Antasena
nuli mangkat maneh sumedya njaga keslametane Petruk.
Ing
desa Pecukpecukilan desa papane Petruk. Apa maneh si Petruk kang dadi pimpinane
desa kono kena kanggo patuladan, awit nganggo gegebengan : Ing ngarsa sung
tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Nalika semana Kyai Petruk
lagi sapejagong karo Prontowati, bojone sing banget ditresnani.
Kaget
banget atine si Petruk bareng krungu dhawuhe bendarane mau. Nanging durung
patiya suwe karo rawuhe Harjuna mau, Antasena
teka ing omahe Petruk kono. Bareng weruh yen kang paman Janaka wis ana
kono, mula didakwa yen arep mateni
Petruk. Tujune ketekan Nata Dwarawati kang nuli misah sing lagi padha
bengkerengan mau. Kresna dhawuh larah-larahe perkara, mula Antasena kang nyata
salah tampa banjur nyuwun pangapura marang kang paman. Petruk nuli katimbalan
dening Sri Kresna. Sawise marak, nuli disidikara, ilang wujude Petruk malih
dadi satriya bagus, dijenengi Bambang Piningit.
Genti
kacarita, kang dadya sambunge crita, kang lagya lenggah ing Taman Kadilengleng,
Dewi Banuwati kahadhep para emban ceti kang padha marak. Ditakoni Sang Banuwati
ngaku yen jenenge Bambang Piningit, kapernah sedulur sinarawedi Raden Janaka.
Miring tembung Janaka, Sang Dewi enget pepujaning ati, mula nyedhaki kang lagya
prapta. Kaya ngapa bungahing penggalihe Sang Dewi, mula banjur ndherek salakune
Bambang Piningit, bebasan rindhik asu digitik. Kocapa Nyai emban kang
tinanggenah ngopeni keputren, weruh kahanan mau nuli mlayu mring sitihinggil
arep matur marang Sang Nata.
Lir
sinamber gelap kagete Sang Buminata Astina, mula dadi dhawah kapidara, nuli
dirampa-rampa para punggawa. Resi Durna ora weruh sangkan paraning bilahi,
dicandhak Bratasena, digawa menyang alun-alun, diajar nganti sambat kapok. Kurawa
ora trima, arep mbelani, nuli ngebyuk perang, nanging ya mung dadi bal-balane
Sang Sena. Antasena nyekeli patih Sengkuni, diajar, kandha yen kabeh mau saka
pokale Durna kang kepingin mulyakake anake, Aswatama. Amarga yen pendhawa wis
tumpes, Aswatama bakal dadi Tumenggung ing Ngamarta.
Bambang
Piningit nuli ngaturake Dewi Banuwati marang Janaka. Kresna dhawuh yen Bambang
Piningit supaya salin, marga pegaweyane wis rampung. Janaka uga anyaguhi.
Adegan pungkasan ing negara Ngamarta, para pendhawa lan Prabu Kresna, ngrembug
yen sida menyang negara Wiratha, saperlu nerusake kersane kang kapunggel awit
wisunane Begawan Durna.
0 komentar:
Posting Komentar