Patine Bukbis

            Prabu Dasamuka ngrasa gela lan mangkel banget amarga patine patih Prahastha dening Anila. Indrajit banjur nyagohi kanggo nggenteni Patih Prahastha kang wis seda. Nanging sadurunge Indrajit mangkat, teka Raden Bukbis kang ngaku putrane Prabu Dasamuka karo Dewi Urangrayung. Prabu Dasamuka ngongkon Raden Bukbis ngalahake Prabu Rama, Leksmana, Wibisana sing ana ing pesanggrahan Swelagiri kanggo mbuktikake menawa Raden Bukbis iku anake Prabu Dasamuka kang sejati. Raden Bukbis uga diangkat langsung dadi senopati Ngalengka. Raden Bukbis banjur mangkat menyang pesanggrahan Swelagiri.
            Satekane ing pesanggrahan Swelagiri, Raden Bukbis perang tandhing karo Anoman. Wusanane Raden Bukbis bisa dikalahake dening Anoman. Prabu Dasamuka kang krungu kabar menawa Raden Bukbis wis mati, sansaya muntab atine. Wusanane Prabu Dasamuka dhewe sing bakal ngadhepi Prabu Rama, Leksmana lan Wibisana, nanging sadurunge mangkat teka Pratala Maryam kang ngaku putrane Prabu Dasamuka karo Dewi Pratalawati. Prabu Dasamuka gelem ngakoni menawa Pratala Maryam iku anake menawa Pratala Maryam bisa nggawa sirahe Prabu Rama, Leksmana lan Gunawan Wibisana dhateng Prabu Dasamuka. Pratala Maryam nyaguhi printahe Prabu Dasamuka mau.
            Pratala Maryam banjur crita marang ibune kedadeyan mau. Krungu critane Pratala Maryam, adhine Trigangga banjur nulungi kakangne kanggo gawa sirahe Prabu Rama, Wibisana lan Leksmana. Bengine Trigangga lunga menyang pesanggrahan Swelagiri, amarga duweni aji panyirep kang gawe kabeh wadya bala keturon mula kanthi gampang Trigangga bisa gawa Prabu Rama, Wibisana lan Leksmana menyang Giritala lan masrahake dhateng Pratala Maryam.
            Anoman kang lagi goleki Prabu Rama, Wibisana lan Leksmana ketemu karo Trigangga. Anoman karo Trigangga perang gedhe nganti gawe gegering khayangan. Banjur teka Bathara Narada kang nerangake menawa Trigangga iku isih putrane Anoman. Trigangga nyuwun pangapura dhateng Anoman, lan Anoman gelem ngakoni Trigangga iku putrane menawa dheweke bisa mateni Pratala Maryam lan bisa nylametake Prabu Rama, Gunawan Wibisana lan Leksmana kanthi slamet. Wusanane Trigangga bisa mateni Pratala Maryam lan gawa bali Prabu Rama, Gunawan Wibisana lan Leksmana menyang pesanggrahan Swelagiri.

0 komentar:

Posting Komentar

Patine Bukbis

| |

.