Desa Kenep

Wonten ing sapinggiring kali Bengawan, wonten Desa ingkang ayem tentrem. Sesepuh ingkang mimpin desa menika asmanipun Kyai Toworo. Kyai Toworo menika dipun kurmati lan dipun segeni kaliyan warganipun amargi Kyai Toworo sae sanget ugi grapyak marang para warga. Anggenipun mrentah desanipun, Kyai Toworo dipun biyantu kaliyan Kyai Marto. Ing Desa kana, para warga kathah ingkang ngingu wedhus lan rajakaya sapanunggalanipun.
Wonten ing salah satunggaling dinten, Kyai Toworo dipun tekani  kaliyan Raden Honggowongso. Raden Honggowongso tekan kaliyan Para Prajurit-prajuritipun. Raden Honggowongso ngendika : “Kyai, kula lan rencang-rencang menika utusan saking kraton kasunanan, tujuwan kula inggih menika pados panggenan kraton ingkang enggal ugi aman. Nambok bilih, Kyai saged biyantu kula lan rencang-rencang, kula ngersakaken panginepan kangge ngaso.”
Banjur, Kyai Toworo ngutus Kyai Marto supaya ngadhep dheweke. Banjur Kyai Marto nyritake menawi Rombongan Raden Honggowongso badhe nginep ing desa Kenep.Banjur, Dheweke ngutus Kyai Marto supaya ngeteraken Rombongan menika.
Sawise ngutus, Kyai Toworo lan Kyai Marto nemoni Rombongan Raden Honggowongso. “Nggih Raden,, sak derengipun matur nuwun panjenengan sampun purun mampir wonten dhusun kula. Inggih kados niki dhusun kula, menawi Raden ngersakaken panginepan, mangke badhe kula siyapaken kaliyan Kyai Marto.” Kyai Toworo mangsuli.
“Matur nuwun kyai,, sampun biyantu kula lan rencang-rencang kula.” Wangsulane Raden Honggowongso. Lajeng, Kyai Marto ngeteraken rombongan menika dhateng penggenan kangge panginepan.
Raden Honggowongso angsal panggenan kangge mbangun kraton anyar. panggonan anyar menika wonten sisih wetan desa ingkang kangge panginepan.
Saben dinten, para prajurit sare lan ngaso wonten ing desa niku. Para warga mboten digawe susah, ananging para warga malah seneng  amargi parutuaNa warga dipun upahi pangan, kayata beras lan kasil saking kebon.  Desa ingkang dipun inepi utusan saking kraton soyo dangu, soyo reja. Dene para warga ugi seneng nglayani ndamelaken pangan kangge para prajurit kinten-kinten 3 taun. Para utusan saking kraton nginep lan mondhok wonten desa niku.
Raden Honggowongso pamit wangsul dhateng Kraton mboyong rencang-rencangipun amargi  panggenan ingkang sampun dados rencana menika sampun dipun bangun kraton anyar marang Kanjeng Kasunanan. Ananging, Kraton menika dipun anggep dereng aman.  Sakniki, petilasan ageng ingkang dipun bangun kraton menika dipun arani Sukoharjo.
Wonten ing sisih kidul Desa Kenep, wonten desa Bangkean. Sesepuh wonten ing desa menika Kyai Bangkek.
Salah satunggaling dinten, warga desa Kenep angon wedhus ing tegalan .Boten sengaja, wedhus-wedhus menika ngidak-ngidak dados tanduran sing ana ing tegalan menika rusak. Saka kadedayan menika, Warga Desa Bangkean duka. Banjur, warga desa bangkean nyuwun ijol tanduran ingkang rusak. Warga desa Kenep boten trim, amargi Warga Desa Kenep nganggep menawi wedhus-wedhus menika boten sengaja ngrusak tanduran Warga Desa bangkean. Kyai Toworo kang ngerteni perkara kuwi, meling para warganipun supaya boten diterusaken.  Kemangka tegalan wau kangge  tandur warga lan warga Bangkean, dados saben dinten warganipun desa kekalih menika padha ketemu lan regejegan wonten tegalan.
Saben wayah esuk, Kyai Bangkek  pados pakan kanthi nunggang jaran. Nalika Kyai Bangkek wangsul, Dheweke weruh para wargane klumpukan.  “Ana apa iki..??” bati kyai Bangkek. Banjur Salah satunggaling warga matur dhateng Kyai Bangkek menawi warga Bangkean lan warga Kenep nembe regejegan  wonten tegalan. Banjur diomongo mangkono dheweke takon, “Lha apa Kyai Toworo iku  weruh regejegan iki?”. Nalika pitakonane dimangsuli, Banjur Dheweke njaluk diterake menyang  tegalan karo wong iku. Sawise diteraken, Lajeng, Kyai Toworo budhal menyang Tegalan.,.
Lajeng, Kyai Bangkek tindak dhateng tegalan badhe misah. Kyai Bangkek nglewati tegal kang ditanduri wit waluh kangunganipun warga Kenep. Nalika Kyai Bangkek tekan tegal, Kyai Bangkek dhawah amargi sikil jaran sing dipun tunggangi kesrimpet. Banjur, Kyai Bangkek soyo duka marang warga Kenep wonten tegalan kang kathah tiyang. Lajeng Kyai Bangkek ngrusak tanduran sing ana ing tegalan lan ngendika, “Anak putuku kabeh, aja  padha jejodhohan karo warga Kenep amarga awake dhewe wis digawe susah, uga aja  padha nandur waluh!”
“He... Kyai Toworo ning ngendi parakmu..?? urusana wargamu iki!!” pambengoke Kyai Bangkek.
Salah satunggaling Warga lapur marang Kyai Toworo menawi tanduran sing ana ing tegal diidhek-idhek Kyai Bangkek amarga duka.  Dheweke njaluk tulung karo Kyai Bangkek menyang tegalan supaya regejegan Desa Bangkek lan Desa Kenep bisa bubar. Banjur, Dheweke ngeterake Kyai Toworo menyang tegalan. Nalika, Kyai Toworo menyang tegalan dheweke mangerteni ana sing regejegan.  “Ning ngendi parake Kyai Bangkek kae?” takone menyang wargane. Banjur, Kyai Toworo weruh ana Kyai Bangkek ana Tegalan. Kyai Toworo ngonangi Kyai Bangkek ngidek-ngidek tanduran wargane.  Kyai Toworo uga mireng ngendikanipun Kyai Bangkek. Kyai Toworo mangsuli pangandikanipun Kyai Bangkek, “Kyai,,iki perkara sepele, menapa tok gawe gedhe?”. Banjur Kyai Bangkek krungu wangsulane Kyai Toworo, Tegalan saya rame. Kyai Bangkek saya duka amarga ora trima. Banjur, Dheweke eyel-eyelan karo Kyai Toworo.
“Heh..Kyai Toworo, warga desamu wis gawe aku lan para wargaku susah, mila aja sampe anak putumu srawung karo anak putuku!” ujare Kyai Bangkek.
Kyai Toworo boten mangsuli omongane Kyai Bangkek. Dheweke namung meneng, nunggu Kyai Bangkek supaya  boten saya duka.
Kyai Toworo njumuk kayu, Banjur disabetke menyang sikil Kyai Toworo. Banjur, Kyai Toworo tiba, “Kowe iki ngapa? ngapa aku mbok sabet, apa salahku karo kowe?” ujare Kyai Toworo nalika disabet.  Nalika weuh Kyai Toworo tiba, Salah satunggaling wargane nulungi Kyai Toworo ngadheg.
“Gara-gara kowe lan warga-wargamu iki, aku tiba..saiki rasakna apa sing rasake mau.” wangsulane Kyai Bangkek.
“Kyai, menawa mangkono panjalukmu, anak putuku ya ora bakal nyedhak lan jejodhohan marang wargamu.” Wangsulanipun Kyai Toworo.
Saka wangsulane menika. Kyai Bangkek didawuhi kaliyan Kyai Toworo supaya enggal lunga saka tegalan. Mila Kyai Bangkek balik menyang desane. Kyai Toworo uga bali menyang omah penduduke kanggo ngumumke panjaluke Kyai Bangkek. Nalika wis tekan desa Kenep, Kyai Toworo weruh warga-warga desane padha nglumpuk. Lajeng, Kyai Toworo marani warga-wargane. Dheweke ngrembugi babagan panjaluke Kyai Bangkek. Ana warga Desane sing nesu amarga ora trima. Nanging, Kyai Toworo dawuhi wong iku supaya sabar amarga panjaluke Kyai Bangkek menika dalan sing paling bener lan apik supaya ora ana maneh masalah sing luwih gedhe nimpa Desa Kenep. Banjur omong mangkono, Kyai Toworo dawuhi warga-warga desane bubari klumpukan.
Esuke, warga-warga desa nyiapke panganan kanggo adicara slametan supaya ora ana bebayan kang nimpa Desa Knep maneh. Nalika slametan diwiwiti, Warga-warga desa lan Kyai Toworo donga, Banjur mangan berkat bareng-bareng. Banjur mangan berkat bareng, Kyai Toworo didadike warga-warga supaya dadi pemimpin Desa Kenep. Kyai Toworo didadakeake pemimpin amarga Dheweke bisa ngusir Kyai Bangkek lan bisa bubari regejegan. Warga-warga Desa Kenep menehi slamet ning Kyai Toworo. Warga-warga Desa Kenep uga ngarep desa Kenep bisa diadohi saka bebayan. Nalika Kyai Toworo dadi pemimpin, Kyai Toworo mbangun balai desa supaya warga-warga bisa srawung bebarengan nalika nemoni masalah. Warga-warga Desa Kenep seneng banget, amarga saben dina Warga desa Kenep saya tentrem lan reja. Malah, ora ana bebayan kang nimpa Desa Kenep maneh.
Nanging wiwit saka panjaluke Kyai Bangkek, warga Kenep lan warga Bangkean boten  akur. Mula ora ana warga desa Kenep srawung karo Warga Desa Bangkean. Dene ngantos sakniki uga warga desa Bangkean wonten ingkang nandur wit waluh.
Nanging, Tegalan kang dadi panggonan perkara menika, sakniki boten wonten tiyang ingkang ngurus sahingga panggonan menika wonten wit-wit ageng .

0 komentar:

Posting Komentar

Desa Kenep

| |

.