Kala Bendana

Ditya Kala Bendana sigra budhal tumuju Wiratha. Raden Gathutkaca kaget atine nyumurupi Ditya Kala Bendana ora bisa di ajak nyimpen wewadi. Ya pancen kaya kuwi watake Ditya Kala Bendana. Tumrape Ditya Kala Bendana, laku goroh iku mesthi kanggo nyimpen wewadi lan ngrugekake liyan. Tan kinocap lakune Kala Bendana tumuju Wiratha. Nalika semana Raden Abimanyu lagya karonsih mbangun tresna karo garwane sing angka loro yaiku Dewi Utari. Dewi Utari asring nyebut Raden Abimanyu nganggo sesebutan kangmas, dhimas utawa kulup. Dene Raden Abimanyu asring nyebut Dewi Utari nganggo sesebutan kakang mbok, dhiajeng utawa malah kanjeng eyang.
Dewi Utari sigra denpangku aneng pangkone Raden Abimanyu. Raden Abimanyu ngaras palarapane Dewi Utari kanggo nyuntak rasa tresnane. Kocapa nalika Dewi Utari lagya kerem olah tresnakedadak praptane Ditya Kala Bendana ing taman kaputren. Tekane buta kang gumrojog tanpa larapan iku ora wurung agawe kagyat Risang Putri. Nalika nyumurupi tekane denawa kang nggegilani kuwi, sigra njerit ajelih-jelih Dewi Utari. Dheweke enggal takon marang Raden Abimanyu sapa satemene denawa kuwi. Bareng dikandhani yen dheweke iku adhine Dewi Arimbi kang ora liya iya pamane Raden Gathutkaca, Dewi Utari lagi ilang rasa wedine. Dheweke enggal mangayubagya tekane Ditya Kala Bendana. Tekane ing papan kono sajak ngemu wigati, mula Dewi Utari enggal takon mungguh sedyane.
Lagi tekan semono anggone matur, Ditya Kala Bendana enggal dilarak Raden Abimanyu metu saka taman. Ora nyumurupi sing dikarepake dening Raden Abimanyu, Ditya Kala Bendana manut wae diglandhang metu. Tekan njaba, jebule Ditya Kala Bendana diundamana lan dipilara. Bubar njempalani Ditya Kala Bendana, Raden Abimanyu mlebu maneh aneng taman. Dewi Utari sajak cubriya, mula terus takon marang garwane.
Sineksen Gusti kang Maha Kuwasa sumpahe Raden Abimanyu. Bledheg nyamber kilat seliweran nyekseni sumpahe Raden Abimanyu. Wus ginaris ing pesthi kabeh mung bisa sumarah sumendhe ing takdir, mbesuk ing Perang Agung Bharata Yuda Jaya Binangun Raden Abimanyu bakal diranjab gegaman sewu dening wadyabala Kurawa nganti tatune arang kranjang lan gugur dadi kusumane bangsa. Sarambut pinara sasra Dewi Utari ora duwe rasa cubriya lamun Raden Abimanyu iku wus kagungan garwa. Dewi Utari nyata Kenya kang pinter leladi ing garwa tan mokal lamun bisa weweh rasa gandem lan marem marang Raden Abimanyu. Raden Abimanyu sing wus nate kagungan garwa uga pinter ngemong garwane.
Nalika Raden Abimanyu wus manjing ing panti pagulingan lan andon tresna, lakune Ditya Kala Bendana wus adoh ninggalake negara Wiratha. Lakune kedadak ketemu Raden Gathutkaca. Nyumurupi pamane sing ora gelem diajak goroh, Raden Gathutkaca rumangsa mangkel. Mung kari ngenteni wektu, Dewi Utari bakal nyumurupi yen Raden Abimanyu wis duwe garwa ya Dewi Siti Sendari. Ora wurung Raden Gathutkaca nyalahake Ditya Kala Bendana.
Ditya Kala Bendana sigra nyedhak mring papane Raden Gathutkaca. Tanpa taha-taha, Raden Gathutkaca sigra njempalani mustakane Ditya Kala Bendana. Sidane Ditya Kala Bendana mung bisa pasrah mring kahanan. Ngerti yen Ditya Kala Bendana ora suwala dijempalani, saya ndadi kanepsone Raden Gathutkaca. Ditya Kala Bendana dipithing lan diuntir gulune sakala kantaka. Sakala iku uga Ditya Kala Bendana prapteng lampus nemahi pralaya. Padha sanalika Raden Gathutkaca eling lamun kabeh tumindake iku wis kebat kliwat. Nalika nyawang kunarpane Ditya Kala Bendana kang gumlethak ing pangarepane, sakala nangis Raden Gathutkaca sarwi ngrungkebi ponang kunarpa.

1 komentar:

Unknown mengatakan...

kala bendana sapane raden gathutkaca?

Posting Komentar

Kala Bendana

| |

.